Pénjing
| Pénjing | |||||||||||
|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|---|
| Penjing ing modhél root-over-rock dipajang ing Koleksi Penjing Cina Bonsai Nasional lan Museum Penjing ing Washington, DC | |||||||||||
| Chinese: | 盆景 | ||||||||||
| Literal meaning: | tray scenery | ||||||||||
|
|||||||||||
| Alternative Chinese name | |||||||||||
| Chinese: | 盆栽 | ||||||||||
| Literal meaning: | tray plant | ||||||||||
|
|||||||||||
Pénjing (Cithakan:Lang-zh) utawa penzai (Cithakan:Lang-zh) yaiku seni Cina kuno ing nandur wit utawa tanduran kang digawé supaya tetep duwéni ukuran kerdil kanthi cara dikethok, tujuwané kanggo ngasilaké bentuk-bentuk kang nduwéni kriteria éstetika utawa kaéndahan.[1] Kanthi cara iki bisa digawé ilusi kang nggambaraké umuré tanduran.[1] Umumé penjing dibagi miturut telung kategori miturut subjékké yaiku penjing pohon (shumu penjing), penjing pemandangan/lanskap (shanshui penjing), lan penjing banyu ln lemah (shuihan penjing).[1] Seni bonsai Jepang kang sepisanan asalé saka penjing.[1]
Bedané bonsai lan pénjing bisa dideleng saka bentuké.[2] Bonsai luwih nduwéni bentuk-bentuk kang sederhana lan kethok luwih alus, gedhéné pang uga ngluwihi porsi, lan ditandur ing njero pot kang bentuke sederhana kanthi werna kang peteng utawa werna kang mirip lemah.[2] Ananging penjing digawé ing wujud kang luwih liar lan bisa ditandur ing pot kang wernané luwih padhang utawa wujud-wujud liyané kang luwih kreatif.[2] Wong-wong kang seneng karo tanduran iki ing sanjabané Asia kerep nganggep padha antarané penjing lan bonsai kanthi tujuwan kanggo ngeksploitasi potensi tanduran lan bahan-bahan pot, lan kepengin bebas saka gaya lan teknik tradhisional.[2]
Sajarah [sunting]
Ing taman-taman kang ana ing Cina klasik bisa ditemokaké miniatur tanduran lan ornamén watu kang diarani penjing.[1] Wit-wit kang dikethok kanthi teliti lan digawé karo watu-watu kanthi wujud saka ukiran barang urip utawa puisi tiga dimensi. [1]Komposisi seni iki nggambaraké semangat alam, lan mbedakake saka tanduran biyasa kang ditandur ing njero pot.[1]
Wadhah kang diarani pen (盆) asalé saka budaya Yangshao nalika periodé Neolitik Cina kang ngenal piring cendhek kang digawé saka lemah lempung lan ing ngisoré nduwéni sikil.[1] Barang iki banjur digawé saka perunggu kanggo piranti upacara ing istana lan ritual keagamaan nalika jaman Dinasti Shang lan Dinasti Zhou.
Cathetan suku [sunting]
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.