Otto von Habsburg
| Otto von Habsburg | |
|---|---|
| Pangeran Mahkota Austria, Hongaria, Kroasia lan Bohemia | |
| Otto von Habsburg (1998) | |
|
|
|
| Pamaréntahan | 1 April 1922 – 1 Januari 2007 |
| Didhisiki | Charles I saking Austria |
| Pangganti | Karl von Habsburg |
| Garwa | Putri Regina saking Saxe-Meiningen (1951–2010) |
| Isu | |
| Andrea von Habsburg Monika von Habsburg Michaela von Habsburg Gabriela von Habsburg Walburga von Habsburg Karl von Habsburg Georg von Habsburg |
|
| House | Wangsa Habsburg-Lorraine |
| Bapa | Charles I saking Austria |
| Ibu | Zita saking Bourbon-Parma |
| Tapak asma | |
Otto von Habsburg saking Austria, asma resminipun awit 1919 inggih menika Otto Habsburg-Lothringen.[1] Otto nate manggen ing Austria, ananging sampun boten malih amargi ing taun 1918 an dados warga negari ing pinten-pinten negari, asma resminipun inggih menika Otto van Hansburg, asma lairipun: Franz Joseph Otto Robert Maria Anton Karl Max Heinrich Sixtus Xavier Felix Renatus Ludwig Gaetan Pius Ignatius lair 20 November 1912 – tilar donya 4 Juli 2011 kanthi yuswa 98 taun ugi dipunmangertosi nggadhahi asma kerajaan inggih menika Adipati Agung Otto dari Austria inggih menika pangeran mahkota ingkang pungkasan saking kerjaan Austria-Hongaria awit taun 1916 ngantos pambubaranipun kekaisaran menika ing taun 1918, satunggalipun kakuasaan ingkang samenika nyangkup wewengkon Austria, Hongaria, Bosnia, Hezegovina, Kroasia, Republik Ceko, Slowakia, Slovenia, lan sepalih Italia, Montenegro, Polandia, Rumania, Serbia, lan Ukraina.[2] Panjenenganipun menika pandheganipun Wangsa Habsburg antawisipun taun 1922 lan 2007, lan ing wekdal ingkang sami dados pretender mahkota Habsburg.[2] Minangka puta pungkasan saking palakraminipun Charles I saking Austria, Kaisar Austria lan Raja Hongaria ingkang pungkasan, kanthi garwanipun ingkang asma Zita dari Bourbon-Parma, Otto dipunlairaken ing urutan kaping tiga pewaris mahkota, lan amargi ramanipun dados tetunggulipun takhta ing taun 1916, Otto dipundadosaken pewaris mahkota ingkang salajengipun.[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en)Otto von Hapsburg, a Would-Be Monarch, Dies at 98 dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
- ^ a b c (en)Habsburg: Last heir to Austro-Hungarian empire dies dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)