Osechi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Dhaharan tradhisional Jepang kangge mapag warsa enggal

Osechi-ryōri (御節料理? masakan osechi) inggih menika masakan Jepang ingkang dipunsiapaken minangka pratandha gantosipun mangsa, lan sakmenika dipunginakaken kangge nyebut sedaya dhaharan istimewa kangge pahargyan warsa enggal ing Jepang. Padatan namung dipunwastani osechi utawi shōgatsu-ryōri (正月料理? masakan warsa enggal).

Dhaharan warsa enggal dipuntata kanthi sae ing salebeting kothak kayu ingkang dipunwastani jūbako (重箱?). Padatan namung lawuh ingkang dipuntata wonten ing kothak kayu susun ingkang dipunwastani masakan osechi. Kothak kayu susun kangge masakan osechi dipunpitadosi minangka pralambang kabegjan ingkang matikel-tikel.

[sunting] Sajarah

Wonten ing basa Jepang, sesebatan "osechi" rumiyinipun mengku teges gantosipun mangsa ingkang dipunwastani sechi-nichi utawi sekku. Dinten gantosipun mangsa dipunpahargyani kanthi masak dhaharan khusus ingkang dipunwastani Osechi-ryōri (masakan gantosipun mangsa).

Osechi-ryori

Wiwit jaman rumiyin, wiwitan warsa enggal (tanggal 1 sasi 1) munjudake salah satunggaling dinten gantosipun mangsa (sechi-nichi) kangge nylameti konduripun dewa pantun dhateng gunung. Ing wekdal samangke, pahargyan warsa enggal mujudaken satunggal-setunggalipun pahargyan gantosipun mangsa ingkang taksih wonten ing Jepang. Pramila, osechi namung dipunginakaken kangge dhaharan warsa enggal.

Sacara tradhisional, osechi kasusun saking:

  • O-toso (お屠蘇?): sake kangge kasarasan ingkang dipununjuk nalika enjing ing dinten warsa enggal.
  • Iwaizakana (祝い肴?): tigang jinis dhaharan kangge kanca ngunjuk sake.
  • Zōni: sup ingkang isinipun mochi
  • Nishime: janganan ingkang dipunmasak ngangge duduh dashi, kecap asin, lan mirin (gula pasir).


[sunting] Pranala njawi

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Osechi&oldid=663904"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès