Ondol

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Ondol
Hangeul 온돌 / 구들
Hanja
Alih Aksara sing disampurnakaké Ondol / Gudeul
McCune–Reischauer Ondol / Kudŭl

Ondol utawi gudeul, inggih menika sistem pemanas ruangan tradisional wonten ing Korea. Ondol menika gadhah mupangat kanggé mindhah panas ingkang dipunasilaken déning obongan kayu saking tungku pengobongan ingkang dipunaliraken saking sekat-sekat ingkang dipundamel wonten ing sangandhaping jogan (lantai). Ing pangginaan ing zaman modèrn, ondol menika tumuju ing samubarang pemanas ingkang wonten ing ngandhaping lemah, ingkang wonten ing hotel ugi ingkang wonten ing griya gaya Kulon ing Korea. Komponèn-komponèn ingkang wigati saking ondol tradisional inggih menika perapian (agungi; 아궁이) ingkang dipungabung kalihan ruangan (padatanipun menika kamar kangge sare lan pawon) ingkang kajangkepi kalihan saluran horizontal ing sangandhaping jogan kanggé ngaliraken hawa anget lan cerobong asap vertikal.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Panggunaan oncol wiwitan[sunting | sunting sumber]

Situs ondol paling tua menika dipunpanggihaken wonten ing setunggaling situs arkéologis nalika zaman perunggu kanthi tarikh kirang langkung 1000 SM wonten ing Unggi, propinsi Hamgyeong Lor, Korea Lor. Saking situs kasebut dipunpanggihaken turahangudeul wonten ing situs pamukiman purba. [1]

Istilah "gudeul" sejatosipun langkung dipunginakaken saking 2000 taun kepengker wonten ing Korea, déné istilah "ondol" nembé medal nalika abad kaping 19. [2] Adhedhasar panalitèn setunggaling sejarawan Son Jintae (1900 - ical nalika masa Perang Korea 1950-1953), Gudeul menika asalipun saking tembung guun-dol ingkang ateges watu ingkang dipunpanasaken. Lajeng pocapanipun éwah saking gudol utawi gudul dados gudeul. Istilah ondol menika saking karakter hanja saking Basa Tionghoa.

Ondol modern[sunting | sunting sumber]

Ondol sampun dipunginakaken kawit dangu déning tiyang Korea kanggé damel angeting griya kanggé lelampahan padintenan kadosta dhahar, lenggah, lan saré nalika zaman rumiyin. Lajeng dumugi griya kanthi gaya kilenan ing zaman samenika. Ondol tradisional ngginakaken bahan bakar kayu geni garing, batu bara, damen, utawi sampah tetanèn. Kanggé masak kanthi wekdal ingkang sekedhap damen pari lan sampah tetanèn padatanipun dipunginakaken. Déné kanggé masak kanthi wekdal ingkan dangu lan kanggé damel anget griya menika nganggé kayu geni. Bahan bakaripun dipunisi kanthi arang utawi asring (kaping 2-5 setunggal dinten) menika gumantung kalihan kawontenan mangsa lan wekdalipun masak.

Ondol tradisional celak kalihan tungkung pengobongan lan mliginipun kanggé damel anget tiyang sepuh ugi dhayoh ingkang dipunkurmati. Kirangipun ondol konvensional inggih menika papan ingkang winates ingkang saged dipundamel anget saéngga saged kedadosan anget ingkang linangkung. Kukus saking pangobongan ingkang ngandhut karbon monoksida menika saged damel polusi. Awit saking menika, samenika griya ingkang modern ing Korea sampun wiwit ngginakaken ondol ingkang ramah lingkungan saking taun 1960-an kanthi ngubungaken jogan kalihan sistem pemanas toya utawi pemanas elektrik. Samenika ondol sampun dipunginakaken wonten ing kutha-kutha ageng, déné ing dhaérah padésan tasih wonten ing ngginakaken ondol konvensional.

Galeri[sunting | sunting sumber]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Ondol&oldid=843358"