Omah ibadah

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Mesjid Agung Banda Acèh
Greja Santo Petrus ing Vatikan
Pura Dalem ing Gianyar Bali
Klenthèng Sampokong Semarang

Omah Ibadah iku pangonan suci kanggo nindakaké ritual ibadah agama. Panggonan sing dianggep suci iki wis ana wiwit jaman prasajarah. Istilah kabuyutan utawa mandala ing tlatah Sundha iku wis ana wiwit jaman kerajaan Tarumanegara lan dilanjutaken ing kerajaan Kendan uga kerajaan Galuh.

Budaya iki dilanjut wektu agama Hindu lan Buddha mlebu ing Nusantara terus uga agama Kristen lan Islam.

Bab lan Paragraf

Jinis [sunting]

Masjid [sunting]

Masjid iku omah ibada kanggo umat penganut agama Islam. Ing dhaerah-dhaerah tinentu jeneng omah ibadah iki nganggo jeneng liya ning nduwe fungsi pada, ana Langgar uga ana Mushalla. Tembung Masjid iku saka basa Arab yaiku "Masjad" sing maknane panggonan kanggo sujud. Omah-omah ing Indonesia umum nduwe ruang khusus sing biasa kanggi ngibadah utawa kadhang ana siji ruang tinentu sing kerep kanggo njalanake ngibadah neng omah.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Masjid

Greja [sunting]

Greja iku omah ibadah kanggo umat Katholik lan Protestan. Bangunan Greja sing paling megah ing Indonesia yaiku Greja Katedral ing lapangan Banteng, Jakarta uga Greja Immanuel ing gambir Jakarta Pusat.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Greja

Pura [sunting]

Pura iku omah ibadah kanggo umat Hindu. Umat Hindu ing Indonesia cacahe akeh ing pulo Bali.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Pura

Vihara [sunting]

Vihara utawa Wihara iku omah ibadah kanggo umat Buddha. Sedurung jaman reformasi makna omah ibadah iki dicampuraduk karo Klenthèng, iku merga ana masalah-masalah politis sing diskriminatif, ning saiki masalah diskriminatif iku wis dihapus.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Vihara

Klenthèng [sunting]

Klenthèng iku omah ibadah kanggo umat Kong Hu Cu utawa Konfusianisme. Bangunan Klenthèng umume nganggo ornamen-ornamen Cinten lan didominasi werna abang.

Kanggo tulisan luwih gamblang, pirsani Klenthèng

Liyane [sunting]


Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Omah_ibadah&oldid=468598"