Omah-omah jroning agama Islam
|
Bagéyan saka sèri Islam |
|
| Fiqih | |
| Ahkam | |
| Gelar cendekiawan | |
|
Omah-omah jroning agama Islam yaiku ikatan kang suci amarga wong loro kang béda jinis bakal urip bareng kanthi restu agama, sedulur, lan masyarakat.[1]
Bab lan Paragraf |
Akad Nikah [sunting]
Aqad nikah jroning Islam ana 2 ukara "ijab lan qabul". Kanthi 2 ukara iki bisa ngrubah reregedan dadi kesucian, maksiat dadi ibadah, dosa dadi amal sholeh. Aqad nikah dudu mung perjanjen antarane wong loro, tapi uga perjanjen antarane makhluk Allah karo Al-Khaliq. Saking sakrale aqad nikah, sahingga diarani "Mitsaqon gholizho" utawa perjanjen Allah kang abot. Uga kaya perjanjen Allah karo Bani Israil lan uga Perjanjen Allah karo para Nabi yaiku perjanjen kang abot(Q.S Al-Ahzab : 7).[1]
Hukum Pernikahan [sunting]
Hukum menikah dhasare yaiku Jaiz (entuk), kabeh wong entuk nikah nanging amarga pertimbangan kahanane wong, mula hukum dasar kasebut bisa ganti:
- Wajib
Nikah dadi wajib kanggo wong kang mampu lair lan batin lan dikhawatirke ora bisa nahan lan gawe zina.
- Sunnah
Menawa wong saguh nyukupi kebutuhan lair batin, bisa menehi maskawin kebutuhan liya sawetara dheweke isih saguh nahan godha nafsu kanggo nahan awak ing dalan kang bener tanpa kegoda ing dalan kang haram.
- Mubah
Menawa wong nduweni niat tapi durung saguh ngadegake rumah tangga.
- Makruh
Menawa wong durung nduweni niat lan durung saguh ngadegake rumah tangga utawa wis nduweni niat tapi ragu-ragu kanggo nglakoni.
- Haram
Menawa wong nikah kanthi niat kanggo ora nglakoni kewajiban.[2]
Rukun Pernikahan [sunting]
- Calon penganten lanang lan wadon
- Wali saka calon pengantin wadon
- Seksi jumlahe loro (lanang)
- Ijab yaiku ucapan nyerahake calon penganten wadon saka waline utawa wakile marang calon penganten lanang kanggo dinikahi
- Qabul yaiku ucapan nrima pernikahan saka calon penganten lanang/ waline.[3]
Syarat-Syarat Sah Perkawinan/Pernikahan [sunting]
- Penganten Lanang
- Penganten Wadon
- Syarat Wali Penganten Wadon
- Syarat Bebas alangan Perkawinan Kanggo Penganten sakloron
- Ora ana hubungan nasab
- Ora ana hubungan persusuan (radla'ah)
- Ora ana hubungan persemendaan (mushaharah)
- Ora Li'an
- Sing lanang duwe bojo kurang saka 4 lan entuk idin saka bojone
- Ora ing jroning ihram haji utawa umrah
- Ora beda agama
- Ora talak ba'in kubra
- Ora permaduan
- Sing wadon ora ing masa iddah
- Sing wadon ora duwe bojo
- Syarat-Syarat Syah Kanggo Saksi Pernikahan/Perkawinan
- Syarat-Syarat/Persyaratan Akad Nikah Kang Syah :
Hadist Pernikahan [sunting]
- “Sing sapa nikah, mula dheweke wus nggenepi separo saka agamane. Lan kudu dheweke taqwa marang Gusti Allah jroning ngopeni kang separone maneh”. (Hadist Riwayat Thabrani lan Hakim).
- “Nikahana wong wadon kang akeh anake lan penyayang. Amarga aku bakal bangga karo akehe umatku ing sangarepe para Nabi besuk ing dino kiamat”. (Hadits Riwayat Ahmad lan di shahihke dening Ibnu Hibban).[5]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b (id)www.suaramedia.com Pernikahan jroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ^ (id)www.masbied.com Pernikahan jroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ^ (id)www.wonosari.com Pernikahan jroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ^ (id)organisasi.org Pernikahan jroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)
- ^ (id)www.ekomarwanto.com Pernikahan jroning Islam (diaksés tanggal 5 Agustus 2011)