Oli
Oli utawa pelumas yaiku sawijining golongan dat kimia kang diasilaké saka olahan minyak bumi.[1] Oli nduwéni bentuk cuwèr. Oli biyasané diwènèhaké ing antarané barang kang obah, gunané kanggo ngurangi gaya gèsèk supaya ora seret.[1] Oli iku fraksi asil destilasi lenga patra kang nduwèni suhu 105-135 derajat celcius.[1] Oli nduwéni fungsi dadi lapisan pelindhung kang misahaké loro permukaan kang nduwèni hubungan.[1] Umumé oli kasusun déning 90% lenga dhasar lan 10% dat tambahan.[1] Oli kang paling kerep digunakaké yaiku oli mesin kang dianggo ing mesin pembakaran njero.[1]
Kode SAE [sunting]
Salah sawijiné karakteristik oli bisa dideleng saka kenthelé oli.[2] Kakenthelan bisa diarani vikositas.[2] SAE utawa Society of Automotive Engineer yaiku lembaga standadisasi kayata ISO, DIN utawa JIS.[2] Ananging SAE iku lembaga standardisasi khusus ing bidhang otomotif.[2] Vikositi yaiku kamampuan laju liquid. [2]Ing Oli pelumas diarani lube oil grade.[2] SAE nguji iki ing temperatur kang wis ditemtokaké saéngga dikenal anané oli multi grade 10W40,20W50, lan oli monograde kayata SAE 20, 40.[2]
Vicosity Index utawa VI yaiku satuan kanggo ngukur oli bisa awét kenthel nalika ana ing temperatur kang dhuwur utawa cendhek. [2]Sangsaya dhuwur nilai VI, oli sangsaya bisa tetep kenthel ing temperatur kang dhuwur utawa cendhèk.[2] Kode SAE nduwèni teges tumrap oli utawa pelumas.[2]
- Kenthele oli ngacu ing lembaga SAE miturut tabél SAE J 300 tahun 1999.[2]
- Ana kurang luwih 30 jinis kenthelé oli miturut SAE, jinis mau kayata SAE 40, SAE 10w, SAE 20w50,SAE 15w50, SAE 10w40,SAE 15w40.[2]