Nyai Rara Kidul

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk

Nyai Rara Kidul utawi kadhangkala dipocapaké Nyai Lara Kidul menika misuwur dados Ratu ing Segara Kidul lan dados salah sawijining legéndha ing warga masarakat Pulo Jawa lan Bali. Para warga masarakat pitados bilih wonten ingkang nguwaosi Segara Kidul utawi Samudra Hindia. Ananging wonten ugi ingkang ngendikaaken bilih Kanjeng Ratu Kidul menika anggadahi watak awon, kasunyatan Kanjeng ratu kidul menika sumber kasekten ingkang manjur anggenipun nggayutaken kaliyan Dewi Hindu, Durga, minangka salah sawijining ingkang jaga ing kerajaan Hindu-Jawa Majapahit. Kapitadosan menika temtu kirang leres, amargi Kanjeng Ratu Kidul kathah ingkang ngendikaaken bilih piyambakipun menika gadhah sipat welas asih marang manungsa. Ananging ingkang gadhah watak awon inggih menika Nyai Rara Kidul utawi Nyai Lara Kidul ingkang asring dipunsebat Nyai Blorong.

[sunting] Rujukan

[sunting] Pranala njaba

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Nyai_Rara_Kidul&oldid=675182"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès