Nori
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Nori (海苔, のり?) yaiku basa Jepange bahan pangan awujud rumput laut kang digaringake. Nori akeh dianggo minangka hiasan lan panyedhep masakan Jepang, lawuh nalika mangan sega, lan bahan jajan kaya senbei. Bahan bakune alga jinis Porphyra kaya Porphyra pseudolinearis Ueda kang dikenal minangka Iwanori lan Porphyra yezoensis Ueda.
Senajan werna ora bisa dadi pathokan apik-orane nori, nanging nori kang apik padatan wernane ireng semu ijo. Dene nori kang mutune luwih ala wernane ijo tekan ijo enom
Jepang, China, lan Korea mujudake produsen nori paling gedhe ing donya. Ing China, nori diarani hǎitái (海苔), lan ing Korea diarani gim (김).