Nirina Zubir
| Nirina Zubir | |
|---|---|
| Lair | Nirina Zubir 12 Maret 1980 (umur 32) |
| Pagawéyan | Aktris Pembawa acara Penyanyi |
| Taun aktif | 2002-samenika |
| Garwa | Ernest Fardiyan Sjarif |
| Anak | Zivara Ruciragati Sharief |
Nirina Raudatul Jannah Zubir utawi langkung misuwur kanthi asma Nirina Zubir (lair ing Antananarivo, Madagaskar, 12 Maret 1980; umur 32 taun) inggih menika pembawa acara lan aktris saking Indonesia.[1] Nirina nggadhahi dhuwur 158 cm.[1] Nirina menika putrinipun Zubir Amin, diplomat senior ingkang lair ing Pariaman, Sumatra Barat.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Film
Nirina main film ingkang wiwitan inggih menika ing film 30 Hari Mencari Cinta, piyambakipun sukses maragakaken paraga Gwen. Film ingkang kaping kalih kanthi irah-irahan Mirror (2005), lajeng film Belahan Jiwa (2006). Wonten ing film Belahan Jiwa menika, piyambakipun minangka dados paraga Baby Blue ingkang nggadhahi raos trauma amargi sedanipun sadherek kembaranipun, Baby Pink. Film Nirina kanthi irah-irahan Heart dipunrilis 11 Mei 2006. Kanthi film Heart menika, Nirina pikantuk kanugrahan minangka Pemeran Utama Wanita Terbaik FFI 2006.[2] Taun 2007, Nirina main film Kamulah Satu-satunya kanthi dipunsutradarai dening Hanung Bramantyo.[2] Nirina main film Get Married (2008) ingkang ugi ndadosaken Nirina pikantuk kanugrahan minangka Pemeran Utama Wanita Terfavorit versi Indonesian Movie Award 2008.[2]
[sunting] Balé Wisma
Ing tanggal 9 November 2008, Nirina Zubir dipunlamar Ernest, gitaris Cokelat.[2] Resminipun ing tanggal 5 April 2009, Nirina sampun dados garwanipun Ernest.[2] Nirina lan Ernest dipunparingi momongan putri, inggih menika Zivara Ruciragati Syarif ing tanggal 6 Februari 2010, pukul 07.09 enjing kanthi abot 3,4 kg lan pdawa 48 cm ing RS Harapan Kita, Jakarta Barat.[2]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
[sunting] Pranala Njawi
- (Basa Indonésia) Profil ing situs KapanLagi.com.
- (id) Situs web resmi Nirina Zubir