Niktinasti
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
Niktinasti (basa Yunani, nux, artine 'bengi') yaiku salah siji jinis gerakan nasti yaiku proses irama kang dikendalekake dening interaksi antarane lingkungan lan wektu biologis.[1] Ing kene tekanan diarahake luwih marang respon motorik kang duweni peran ing pergerakan kaya kuwi.[1] Tuladhane wis dingerteni luwih saka 200 taun kapengker yaiku gerakan godhong ing pirang-pirang tanduran, saka arep ndatar ing wayah awan nganti arep jejeg ing wayah wengi.[1] Kadangkala, spesies kang duweni godhong majemuk rangkep, kang saben godhonge duweni pirang-pirang pinak godhong lan saben pinak godhong duweni pirang-pirang pasang anak-godhong kang madep tumemplek ping siji rakila, cocok digunakake minangka model niktinastik.[1] Kalebu ing jerone, tulahane: wit sutra (Albizzia julibrissin), putri malu (Mimosa pudica), lan wit udan (Samanea saman).[2] Godhong majemuk rangkep kaya kuwi kerep nuduhake "gerak turu" kang cetha.[1] Ing wayah wengi, pucuk anak godhong kang adep-adepan ing Albizzia nutup, mangkat menduwur lan nunjuk ing arah pucuk distal rakila.[1] Anak-godhong Samania kalempit mangisor dudu manduwur. Ing rong kasus mau, ana pirang-pirang sel ing pulvinus kang mlembung nalika mbukak kang sinebut ekstensor, dene sel kang mangkerut diarani fleksor.[1]