Nikon Corporation
Nikon Corporation (Nikon, Nikon Corp.) yakuwi jeneng perusahaan Jepang kang ngasilaké piranti elektronik kang mbiyantu manungsa, khususé babagan bidang optik lan gambar. Produké kuwi kagolong kamera, teropong, mikroskop, piranti pengukur. Perusahaan iki ana awit taun 1917 kanthi jeneng Nihon (Nippon) Kōgaku Kōgyō (日本光學工業株式會社) ning Tokyo, Jepang; akiré diganti karo jeneng (株式会社ニコン), mituruti jeneng kamerané, ning taun 1988. Ning taun 2002, perusahaan iki duweni 14.000 tenaga kanggo nyambut gawe. Nikon kuwi esih kagolong perusahaan Mitsubishi.
Produké kang paling kondhang yakuwi lensa kamera Nikkor, kamera sakjeroné Nikonos, kamera profesional seri Nikon F, lan digital kamera Nikon seri-D.
Saingané Nikon kuwi kayata Canon, Minolta, Leica, Pentax, lan Olympus.