Nikolai Berdyaev
![]() |
|
| Jeneng pepak | Nikolai Berdyaev |
|---|---|
| Lair | March 18, 1874 Kiev |
| Pati | 24 Maret 1948 (umur 74) Clamart |
| Era | 20th century philosophy |
| Wilayah | Russian philosophy |
| Pendhidhikan | Christian existentialism |
| Kawigatèn utama | Creativity, morality, freedom |
|
Kaprabawan déning
|
|
|
Mrebawani marang
|
|
Nikolai Alexandrovich Berdyaev (Basa Rusia: Николай Александрович Бердяев; lair 18 Maret [K.J.: 6 Maret] 1874 – tilar donya 24 Maret 1948 ing yuswa 74 taun) inggih menika satunggalipun tokoh agami lan filsuf politik saking Rusia.[1]
[sunting] Biografi
Berdyaev dipunlairaken ing Kiev wonten ing kulawarga militer aristokrat.[1] [2]Panjenenganipun gesang piyambakan ing wekdal alitipun wonten ing griyanipun, Berdyaev asring maos buku ing perpustakaan kagungan ramanipun.[2] Berdyaev maos karya-karyanipun Hegel, Schopenhauer, lan Kant nalika yuswanipun nembe 14 taun lan Berdyaev sampun nguwasani saperangan basa-basa manca.[2] Berdyaev mutusaken badhe nglaksanakaken karieripun minangka intelektual lan mlebet dhateng Universitas Kiev ing taun 1894. Nalika semanten semangat revolusioner ngrembaka ing kalangan mahasiswa lan kaum intelegensia.[2] Berdyaev dados tiyang Marxis lan ing taun 1898 Berdyaev dipuncepeng dening pamarentah wonten ing dhemonstrasi mahasiswa lan dipunmedalaken saking universitas kasebat.[2] Amargi Berdyaev ndherek kelompok ingkang dipunlarang dening pamarentah ndadosaken Berdyaev dipunbucal dhateng Rusia sadangunipun 3 taun.[2] Taun 1904 Berdyaev palakrami kaliyan Lydia Trusheff lan lajeng kekalihipun pindhah dhateng kutha St. Petersburg, ibukotanipun Rusia lan panceripun kaum intelektual sarta aktivitas revolusioner.[2] Berdyaev ndherek dhebat intelektual lan rohani, lan salajengipun nilaraken idheologi Marxisme radikal lan gantos nyinaoni filsafat lan spiritualitas.[2] Berdyaev lan Trusheff tetep tresna ngatos Trusheff tilar donya taun 1945.[2] Berdyaev menika satunggalipun tiyang Kristen ingkang saleh, ananging Berdyaev asring nggadhahi sipat kritis dhateng gereja ingkang mapan.[2] Satunggalipun artikel ing taun 1913 ngecam Sinode Kudus saking Gereja Ortodoks Rusia dadosaken Berdyaev dipuntudhing minangka penghujat, lan dipunukum bucal dhateng Siberia.[2]
