Nickelodeon
| Nickelodeon | |
|---|---|
| Diluncuraké | 1 Desember 1977 |
| Sing duwé | MTV Networks (Viacom) |
| Saluran afiliasi | - TV Land - Nick 2 - The N (kini TeenNick) - MTV - VH1 - Nicktoons Network - Noggin (kini Nick Jr.) |
| Situs web | http://www.nick.com |
Nickelodeon (dikenal uga kanthi jeneng Nick, sadurungé duwé jeneng Pinwheel; diadegaké ing tanggal 1 Desember 1977) yaiku salah sijiné jaringan TV kabel khusus kanggo acara bocah cilik lan praremaja, nanging uga nayangké program kanggo remaja ing blok acara TEENick.[1] Pisanan mung ana ing Amerika Serikat, nanging saiki wis ana ing negara-negara kaya ing wilayah Asia Tenggara kayata Indonesia), India, Jepang, Australia, Selandia Baru, Britania Raya, Skandinavia, Eropa Barat, lan Amerika Latin.[1] Ing Indonesia program Nickelodeon bisa dideleng ing Global TV lan TV kang bayar kayata Indovision lan First Media.[1]
Sejarah [sunting]
Nickelodeon wis akèh mproduksi lan nyiaraké program. Nickelodeon dadi kondhang liwat icon kang ana ing program komedi You Can't Do That on Television.[1] Banjur icon kuwi dienggo ing sajroné program kang ana.[1]
Jaringan internasional [sunting]
Ing saja jabané Amerika Serikat, Nickelodeon uga ana ing Afrika Selatan, Argentina, Australia, Bangladesh, Belanda, Belgia, Bolivia, Brasil, Britania Raya, Chili, Denmark, Ekuador, El Salvador, Filipina, Guatemala, Honduras, Hong Kong, Hongaria, India, Irlandia, Israel, Indonesia, Jepang, Jerman, Kazakhstan, Kolombia, Korea Selatan, Kosta Rika, Malta, Malaysia, Meksiko, Norwegia, Pakistan, Panama, Perancis, Peru, Portugal, Republik Dominika, Romania, Rusia, Selandia Baru, Singapura, Spanyol, Sri Lanka, Swedia, Turki, Uruguay, lan Venezuela. Nickelodeon diadegaké ing Britania Raya ing tanggal 1 September 1993.[2] Ing Britania Raya uga ditambah karo saluran tambahan kang dijenengké Nick Junior.[2]