Nia Dinata
| Nia Dinata | |
|---|---|
![]() |
|
| Latar mburi | |
| Lair | 4 Maret 1970 (umur 43) |
| Perdamelan | Sutradara Produser |
| Taun aktif | 2002 - sekarang |
| Pasangan | Mohamad Hisham (cerai) Farhat Abbas (cerai) Constantine Papadimitriou |
| Anak | Olivia Nathania (dari Mohamad Hisham) Petrov dan Gibran (dari Constantine Papadimitriou) |
Nia Iskandar Dinata (lair ing Jakarta, 4 Maret 1970; umur 43 taun) inggih menika satunggalipun sutradara saking Indonesia.[1]
Bab lan Paragraf |
Karier [sunting]
Wiwitan karier sutradara estri menika saking damel klip video lan film iklan.[1] Ing wiwitanipun taun 2000, Nia damel perusahaan film independen Kalyana Shira Film.[1] Nia lajeng dados sutradara film Ca Bau Kan (2002) ingkang dipunanngkat saking novel kanthi irah-irahan ingkang sami karyanipun novelis Remy Sylado.[1] Setting crita dipundamel kados taun 1930-an, ingkang nyaritakaken kisah tokoh pejuang kabangsan Tionghoa. Film menika angsal pirang-pirrang kanugrahan saking festival Internasional.[1] Ing taun 2004, Nia dados sutradara film Arisan! sukses sanget saking pajengipun ing masyarakat lan komentar saking komentar kritikus. Film menika angsal kathah kanugrahan, kalebet saking Festival Film Indonesia lan MTV Movie Awards.[1] Karya ingkang salajengipun ugi angsal pangalembana lan kritik saking pandemen film, film menika Berbagi Suami, film ingkang mbahas babagan poligami wonten ing tigang segmen sarta nglibataken kathah pemain film lan teater kawakan kados Ria Irawan, Jajang C. Noer, lan Tio Pakusadewo.[1]
Filmografi [sunting]
Film ingkang sampun dipuntanganii dening Nia Dinata inggih menika: Meraih Mimpi (2009) (penulis), Perempuan Punya Cerita (2007; segmen Cerita dari Cibinong), Quickie Express (2007) (produser), Long Road to Heaven (2007) (produser), Berbagi Suami (2006) (sutradara, penulis), Janji Joni (2005) (produser), Ajang ajeng (2004) - serial TV (produser), Arisan! (2003) (sutradara, produser eksekutif), Joni Be Brave (2003) (produser), Biola Tak Berdawai (2003) (ko-produser), Ca Bau Kan (2002) (sutradara, produser).[2]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g (id)Nia Dinata dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
- ^ (id)[Apa dan Siapa PDAT dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
