Ngulama
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
|
Ngulama utawa ulama (Basa Arab: علماء ʿUlamāʾ , tunggal: عالِم ʿĀlim, "scholar"), iku ngarujuk marang golongan cendhekiawan Muslim utamané ing babagan hukum syariat. Sawetara ngulama ahli ing babagan èlmu fiqih lan sawetara liyané ahli ing babagan liya kaya hadis utawa tafsir. Ing Indonésia ulama kuwi pemuka agama utawa pamimpin agama sing tugasé ngayomi, nuntun lan mbimbing umat Islam jroning babagan agama lan masalah sadina-dina sing diperlakaké, saka sisi kaagamaan utawa sosial kamasarakatan.