Ngaben

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ubarampe kang digunakaké ing upacara Ngaben ing Bali

Ngaben [1] iku upacara kanggo nyucikaké atma (roh) fase pisanan minangka kuwajiban suciné umat Hindhu Bali marang leluhuré kanthi nglakoni prosèsi ngobong mayit. Kayadéné ing babagan pitra yadnya, awaking manungsa kapérang saka awak kasar, awak alus, lan karma. Awak kasar manungsa kadhapur saka 5 unsur kang sinebut Panca Maha Bhuta ya iku pertiwi (dat padhet), apah (dat cuwèr), teja (dat panas), bayu (angin), lan akasa (ruwang hampa). Kalima unsur iki nyawiji mbentuk fisik manungsa lan diobahaké déning atma (roh). Nalika manungsa mati, kang mati iku mung awak kasar thok, atma-né ora. Ngaben iku prosès nyucikaké atma utawa roh nalika ninggal awak kasar.[2]

Ing agama Hindhu diyakini yèn Déwa Brahma saliyané minangka déwa pangripta uga dadi déwa geni. Dadi, ngaben iku prosès nyucèkaké roh migunakaké srana geni mula bisa bali menyang sang pangripta ya iku Brahma. Geni kang digunakaké ya iku geni konkrit kanggo ngobong mayit, lan geni abstrak wujud jopa-japi pandheta kanggo m-pralinakaké ya iku ngobong reregedan kang tumèmpèl ana ing atma utawa roh.

Upacara Ngaben utawa kang asring diarani upacara Pelebon marang wong-wong kang wis mati, dianggep wigati banget, ramé lan sumanak, amarga kanthi ngaben iku kulawarga bisa mbébasaké arwahé wong-wong kang ninggal ikatan-ikatan kadonyané menyang swarga, utawa manjalma manèh menyang donya liwat prosès reinkarnasi. Amarga upacara iki mbutuhaké tenaga, prabéya, lan wektu kang dawa lan gedhé, mula ngaben asring dilakokaké suwé banget sawisé mati.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. (ing basa Indonésia)travel.okezone.com Ngaben Tanpa Prosesi Pembakaran Jenazah (kaundhuh tanggal 18 Agustus 2011)
  2. (ing basa Indonésia)info.indopolist.com Archived 2019-10-03 at the Wayback Machine. Upacara Ngaben Bali (kaundhuh tanggal 18 Agustus 2011)

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]