Netral (grup musik)
| Latar wuri | |
|---|---|
| Asal | Jakarta, Indonesia |
| Genre | Rock, Alternatif Rock, Punk Rock |
| Taun aktif | 1991 - samenika |
| Label | Bulletin Records, Kancut Records |
| Situs wèb | [1] |
| Anggota | |
| Bagus Dhanar Dhana (Bagus) Eno Gitara Ryanto (Eno) Christopher Bollemeyer (Coki) |
|
| Mantan anggota | |
| Gabriel Bimo Sulaksono (Bimo) Ricky Dayandani (Miten) |
|
Netral inggih menika grup musik ingkang kawujud ing sasi November taun 1991.[1] Dipunwiwiti saking wontenipun video klip ing stasiun televisi nalika semanten (MTV Indonesia ing wekdal menika taksih dados bagian saking Antv) saking lagu ing album ingkang kapisan, "Wa...lah", kelompok musik menika dipunsebat mawi aliran rock alternatif.[2] Nalika nembe kadamel, personil Netral namung wonten tiga, inggih menika:[2]
- Bagus Dhanar Dhana (Bagus) - Vokalis lan Bassis
- Gabriel Bimo Sulaksono (Bimo) - Drummer
- Ricy Dayandani (Miten) - Gitaris
Ananging samenika posisi drummer lan gitaris sampun dipungantos dening Eno Gitara Ryanto (Eno) lan Christopher Bollemeyer (Coki).[2] Namung Bagus kemawon ingkang taksih bertahan ngantos dumugi samenika. Samenika Netral sampun gantos label dhateng Kancut Records, satunggalipun label independen, ingkang dipundamel dening Bagus lan Eno piyambak.[2]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Sajarah
Wiwitanipun, Netral ngagem aliran musik saking grup manca negari kados Nirvana, Sex Pistols, Sonic Youth, The Cure, lan sanesipun.[2] Netral ugi pentas ing sekolah-sekolah ugi universitas-universitas ing Jabotabek.[2] Gaya lan atraksi Netral ing panggung saged damel Netral dipunremeni dening rumaja, kalebet rumaja manca negari ingkang sekolah ing Jakarta Internasional School (JIS), ingkang salajengipun damel grup Netral asring dipunaturi ngisi acara rutin sekolah kasebat.[2]
[sunting] Diskografi
- Wa..lah (1995)
- Tidak Enak (1997)
- Album Minggu Ini (1998)
- Paten (1999)
- Oke Deh (2001)
- The Best of (2002)
- Kancut (2003)
- Hitam (2005)
- Putih (2005)
- 9th (2007)
- The Story Of (2009)
- Unity (2012)
[sunting] Pranala Njawi
(id)Web Netral
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.