Ne-Yo
| Ne-Yo | |
|---|---|
| Jeneng lair | Shaffer Chimere Smith |
| Uga misuwur minangka | Ne-Yo |
| Lair | Camden, Arkansas, Amerika Serikat |
| Asal | Los Angeles, California, Amerika Serikat |
| Genre | Pop, R&B |
| Pegawéyan | Penyanyi, Penulis lagu, Produser rekaman, aktor |
| Taun aktif | 1999–saiki |
| Label | Def Jam Recordings |
| Situs wèb | Situs Resmi |
Shaffer Chimere Smith (lair 18 Oktober 1979; umur 32 taun), luwih dikenal kanthi jeneng panggung Ne-Yo, iku penyanyi kabangsan Amérika Sarékat Saliyané penyanyi,dhèwèké uga pangripta lagu, produser rekaman lan aktor.
Bab lan Paragraf |
[sunting] Profil
Ne-Yo lair ing Arkansas kanthi jeneng baptis Shaffer Chimere Smith.[1]Bapaké warga Amérika katurunan Afrika lan ibuné warga Amérika Afrika katurunan China,[2] kaloroné musisi. Wektu isih cilik,dhèwèké dimomong déning ibuné dhéwé sawisé pisah saka bapaké.[3]
[sunting] Karier
Wiwitan karier Ne=Yo minangka salah siji personil saka grup vokal kuartet Envy, nanging karier grup kasebut ora suwé, sebab mung tahan nganti taun 2000. Ne-Yo banjur dikontrak déning parusahan Colombia Recording.
Nganti saiki, Ne-yo wis duwé 3 buah album studio, yaiku In My Own Words (dirilis ing taun 2006), Because of You (rilis taun 2007), lan album Year of the Gentleman (rilis ing taun 2008).
Karier Ne-Yo ora mung mddi penyanyi, nanging uga ngripta lagu kanggo awaké dhéwé lan penyanyi liya, kaya Rihanna (lagu Unfaithful lan lagu Take a Bow), Mario Vazquez (lagu Gallery), Paula DeAnda (lagu Walk Away (Remember Me)), lan Beyoncé Knowles {lagu Irreplaceable)
Ne-Yo uga ngripta lagu kanggo Whitney Houston, Celine Dion, Corbin Bleu, lan Enrique Iglesias. Lan ing mangsa ngarep, dhèwèké bakal ngripta lagu bebarengan karo will.i.am kanggo album Michael Jackson.
[sunting] Kauripan pribadi
Ne-Yo nduwèni anak lanang sing lair ing taun 2005 lan diwènèhi jeneng Chimere.[1]
[sunting] Diskografi
| Taun | Judhul album | Hits singel | Samak album |
|---|---|---|---|
| 2006 | In My Own Words |
|
130px |
| 2007 | Because of You |
|
130px |
| 2008 | Year of the Gentleman |
|
130px |
[sunting] Filmografi
- 2007: Save the Last Dance 2
- 2007: Stomp The Yard
- 2010: Venice Beach
[sunting] Rujukan
- ↑ a b Hobbs, Linda VIBE.com: Ne-Yo to VIBE: "I am NOT a Sex Addict". Vibe. URL diaksès tanggal 2008-10-15
- ↑ "Ne-Yo: Grammy-winning singer to perform at Halenbeck Hall", St. Cloud State University, 2008-09-25. diaksès tanggal 2008-10-14.
- ↑ Lo, Ricky (2008). "Let Ne-Yo Love You". The Philippine Star.
[sunting] Pranala jaba
- (en) Situs Resmi
- Ne-Yo ing Myspace
- Ne-Yo ing Internet Movie Database