Nanakusa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Bubur nanakusa
pitung janganan musim semi (nanakusa)

Nanakusa (七草? pitung suket) inggih menika tradisi nalika énjing ing tanggal 7 Januari ing Jepang kagem nedhi bubur saking beras kacampur 7 jinis janganan ingkang dipunwastani bubur nanakusa [1] (nanakusa-gayu). Sadèrèngipun kalender Gregorian dipunginakaken wonten ing Jepang, tanggal 7 wulan kapisan dipunwastani Jinjitsu (人日? hari orang) utawi Nanakusa no sekku (七草の節句?) ingkang kalebet salah satunggal saking 5 perayaan musim (sekku) ing setunggal taun miturut tradisi kalender Tionghoa. Bubur nanakusa dipundhahar supados damel weteng ngaso bibar taun énggal ing Jepang dipunisi kalihan lauk-pauk masakan osechi ingkang kathahipun arupi janganan. Kejawi menika, bubur nanakusa dipunpitadosi nebihaken tiyang saking gerah pilek lan maneka jinis penyakit. Ing Jepang asring dipunwontenaken adicara dhahar bubur sesarengan nalika 7 Januari.

Pitu tanduran suket (rumput) ing musim semi[sunting | sunting sumber]

Pitu jinis janganan mapan wonten nginggilipun talenan saking dinten sedèrèngipun. Sadèrèngipun mlebet ing bubur nalika énjing tanggal 7 Januari, janganan kedah dipungebuki mawi ngginakaken kayu ing ngajengipun altar dewa taun énggal. Tembang ingkang dipunwastani Nanakusabayashi prelu dipunsekaraken supados medalaken khasiat saking pitung jinis janganan kasebut. Wiwitanipun, pitung jin janganan musim semi menika saking tanduran ingkang béda-béda miturut kebiasaan tiyang ing dhaérah. Pitung janganan ingkang dipunginakaken samenika saking nama janganan ingkang dipunserat wonten ing buku anotasi Hikayat Genji kanthi irah-irahan Kakaishō terbitan taun 1362.

Nama tanduran Nama Basa Jepang (nama samenika/nama lawas)
Seladren (Oenanthe javanica) Seri
Capsella bursa-pastoris Penpengusa utawi nazuna
Gnaphalium affine Hahakogusa utawi gogyō
Stellaria media Hakobe atau hakobera
Lapsana apogonoides Ko-oni Tabirako utawi hotokenoza
Lobak cina (Brassica rapa) Kabu utawi suzuna
Lobak (Raphanus sativus) Daikon utawi suzushiro [2]

Pitung jinis tanduran kembang ing musim gugur[sunting | sunting sumber]

Nalika jaman rumiyin, istilah pitung suket kagem taun énggal wonten ing Jepang dipunserat mawi aksara Kanji 七種 (pitu suket musim semi), déné aksara kanji 七草 dipunagem kanggé nyerat 7 kembang musim gugur. Wonten ing kempalan geguritan Man'yōshū dipunsebat babagan 7 jinis tanduran kembang musim gugur. Pitu jinis tanduran kembang musim gugur ingkang dipunsebat ing ngandhap menika boten dipunmasak, ananging kagem dipuntingali kaéndahanipun.

Nama tanduran Nama Basa Jepang (nama samenika/nama lawas)
Lespedeza bicolor Hagi
Miscanthus sinensis Susuki utawi obana
Kudzu (Pueraria lobata (Willd.) Ohwi) Kuzu
Patrinia scabiosifolia Ominaeshi
Eupatorium fortunei Fujibakama
Platycodon grandiflorus Kikyō
Anyelir (Dianthus) Nadeshiko

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Miturut tradisi Tionghoa kuno, dinten kapisan dumugi dinten kaping enem nalika taun énggal dipunginakaken kagem ngramal nasib kéwan piaraan. Dinten kapisan kagem ngramal pitik, lajeng dinten kaping kalih kagem anjing piaraan. Mekaten salajengipun dinten kaping tiga dumugi dinten kaping enem kaginakaken kagem ngramal nasib babi, menda, sapi, lan jaran piaraan. Dinten kaping pitu menika kagem ngramal nasib tiyang, dene dinten kaping wolu kagem ngramal asilipun panèn.[3]

Tiyang Dinasti Tang gadhah tradisi dhahar sup mawi isi 7 janganan ingkang dipunpitadosi nebihaken saking samubarang penyakit. Tiyang Jepang ugi ndherek tradisi kasebut kanthi dhahar bubur mawi isi 7 jinis serealia (beras, jewawut, proso milet, Echinochloa esculenta, wijen, kacang azuki, lan Beckmannia syzigachne) ingkang dipunparingi sarem sekedhik. Tradisi dhahar bubur saking 7 jinis serealia sareng kalihan tradisi ngopek godhong enèm wakana tsumi) saking tanduran ingkang nembe katutup salju pungkasanipun dados bubur nanakusa kados samenika.[4] Nalika zaman Edo, dinten Nanakusa kalebet dinten libur. Tradisi dhahar bubur nanakusa minangka sarapan kawiwitan saking shogun lajeng kathah rakyat ingkang ndherek.[4]

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ (id) 5 Makanan Khas Tahun baru di Jepang, (dipunakses tanggal 17 Februari 2013)
  2. ^ (id) Keadaan alam dan musim di Jepang, (dipunakses tanggal 17 Februari 2013)
  3. ^ "Jinjitsu no sekku (nanakusa no sekku)". Koyomi no Page. http://koyomi.vis.ne.jp/reki_doc/doc_0725.htm.
  4. ^ a b "Jinjitsu no sekku". Encyclopedia of Japanese Culture. http://iroha-japan.net/iroha/A03_goseku/01_jinjitsu.html.

Pranala njawi[sunting | sunting sumber]

Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Nanakusa&oldid=851700"