Namcha Barwa
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Pebruari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 72 dinten 674 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Namca Barwa inggih punika salah satunggalng nama gunung ingkang dumunung wonten ng Himalaya, Tibet. Gunung punika minangka gunung ingkang papanipun paling wetan ing donya. Gunung punika inggilipun 7.782 meter. [1]
Cariyos Namcha Barwa [sunting]
Wonten ing basa Tibet, Namcha Barwa tegesipun 'pembakaran guruh', ananging wonten ing 'The Epic Raja Gesar' Namcha Barwa dipunandharaken kados Tombak ingkang nyubles langit. Pramila, warga pitados bilih papan punika dipun-ginakaken kangge papan pagesanganipun para dewa. Cariyosipun, Tuhan ngutus Namcha Barwa kaliyan Gyala Peri kangge njagi sisih kidul-wetanipun Tibet. Ananging wkacariyosaken bilih Gyala Peri langkung sae, lajeng wonten ing salah satunggaling dalu Namcha Barwa mejahi gyala Peri. Minangka paukuman, Namcha Barwa dipundadosaken gunung.[2]
Paminggahan Gunung [sunting]
- Nalika taun 1912 dening Surveyor saking Inggris.
- Nalika taun 1980, China ngawontenaken paminggahan ananging dereng saged dumugi pucuk gunung.
- Nalika taun 1990, ekspedisi saking Jepang kaliyan Cina ngawontenaken paminggahan
- Nalika taun 1991 ekspedisi gabungan Jepang-China saged dumugi 7.460 meter. ananging paminggahan kasebat ndadaosaken pejahipun anggota, kanthi nama Hiroshi Onisihi amargi longsoran salju
- Nalika taun 1992 ekspedisi jepang-China saged dumugi pucuk gunung. Piyambakipun ndamel Base Camp tanggal 14 September lan dumugi pucuk gunung tanggal 30 oktober
Cathetan Suku [sunting]
- ^ (en)/ Namcha Barwa(dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)
- ^ (en)[1](dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)