Naengmyeon
| Naengmyeon | |
|---|---|
Semangkuk naengmyeon. |
|
| Jeneng Koréa | |
| Hangeul | 냉면 atau 랭면 |
| Hanja | 冷麵 |
| Alih Aksara sing disampurnakaké | naengmyeon atau raengmyeon |
| McCune–Reischauer | naengmyŏn atau raengmyŏn |
Naengmyeon (냉면;"mie dingin") yaiku masakan Korea kang digawe saka mie gandum kang disajekake nganggo duduh kaldu sapi atis.[1][2] Naengmyeon yaiku salah sijine masakan Korea kang paling disenengi nalika mangsa ketiga senajan sejatine, biyen dipangan nalika mangsa atis.[3] Nalika kuwi naengmyeon wis dadi masakan Korea Lor kang paling misuwur ing Korea Selatan.[1][2]
Bab lan Paragraf |
Catatan sejarah [sunting]
Adhedhasar catatan sejarah, buku Dongguk Sesigi kang ditulis taun 1849 ing pungkasane Dinasti Joseon nulisake ngenani naengmyeon: "Minangka masakan musiman ing mangsa atis, mie buckwheat kang ditambahake kimchi lan kimchi sawi putih, lan daging babi di duwure, diarani naengmyeon. Jinis-jinise yaiku, kususnya mie atis Pyeongyang kang digawe ing propinsi Pyeongan, duweni rasa gurih".[4]
Ciri khas [sunting]
Diterjemahake ing basa Inggris, naeng ateges atis lan myeon ateges mie.[2] Bahan utamane naengmyeon yaiku tepung gandum buckwheat, kang tekstur adonane ora patiya lengket.[2][1] Mie tepung buckwheat iki uga bisa disajekake nganggo kaldu panas, kang diarani onmyeon (mie panas).[2] Senajan bahan gawene mie padha, kaldu digawe kanthi cara lan bahan geganep kang beda, saengga rasane rada beda.[2]
Enake naengmyeon manut karo rasa duduhe kang digawe saka godhogan kaldu.[2] Ing jaman biyen, bakso daging kang digawe saka daging duduh cincang ditambahke ing duduh kaldu banjur diwenehi ajuran es batu.[2] Kanggo gawe kaldu naengmyeon, daging sapi digodhog nganti suwe lan dicampurake karo duduh dongchimi, kimchi banyu.[2] Lobak, godhong bawang lan lombok ijo saka dongchimi uga nambahi rasa enek ing duduh naengmyeon.[2]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b c (id)Hwe Naengmyeon, KBS. Diundhuh tanggal 10 April 2010.
- ^ a b c d e f g h i j (en)Koo Chun-sur (SUMMER 2001). "Naengmyeon". Koreana 15 (2): 64-67. http://koreana.kf.or.kr/pdf_file/2001/2001_SUMMER_E064.pdf. Retrieved 28 September 2010.
- ^ (id)Pyeongyang Naengmyeon, KBS1. Diundhuh tanggal 10 April 2010.]
- ^ (id)Definition and origin, foodinkorea. Diundhuh tanggal 28 September 2010.]