My Sassy Girl
My Sassy Girl inggih punika salah satunggalipun film Korea kang disutradarai dening Kwak Jae Young ing taun 2001 inggih punika diangkat saking crita Kim Ho Sik.[1]
Bab lan Paragraf |
[sunting] Profil Film
Profil saking film punika:
- Judul Film: My Sassy Girl
- Genre: Komedi-Drama-Romantis
- Sutradara: Kwak Ja Young
- Produser: Shin Chul
- Kang Nulis Skenario: Kim Ho Sik lan Kwak Jae Young
- Studio kang Produksi: ShinCine
- Negara: Korea
- Basa: Korea
- Durasi: 123 menit
- Tanggal Rilis: 27 Juli 2001 ing Korea Selatan
[sunting] Profil Sapanunggalipun
- Ing taun 2001 My Sassy Girl, film punika kasade kathah no 2 kalih inggih punika 4.852.845 tiket wonten nasional lan 1.765.100 ing Seoul kaya-kaya kados 10 minggu ing bioskop.
- Film kang dipundadosaken versi Amerika (2008) kanthi irah-irahan kang sami my sassy girl, ing versi Jepang Ryokitekina Kanojo, lan versi Bollywood (2008) kanthi irah-irahan Agli Aur Pagli.
[sunting] Kang Meranaken Film
Peran utama ing film inggih punika:
- Jun Ji Hyun kang dados The Girl (kang mboten dipunsebutaken asma terang)
- Cha Thae Hyoen kang dados Gyun Woo
[sunting] Aluripun
Crita punika dipunwiwiti saking pertemuan Gyun Woo kalih The Girl ingkang mabuk, ing stasiun. Patemon punika dados gesangipun Gyun Woo benten. Gyun Woo ingkang kasebat tresna dening The Girl punika kapeksa gendhong piyambakipun ing motel amargi mabuk lan smaput. Gyun Woo kapeksa mlebet bui amargi kepanggih kalih The Girl punika. Kadospun Gyun Woo sadar menawi The girl punika nandhang brongta amargi dipuntilar seda pacaripun. Gyun Woo gadhahi rasa badhe ngusanani brongtanipun The Girl. Gyun Woo dados kancanipun The Girl, Gyun Woo kapeksa nglajengaken punapa kang dipunpengini The Girl punika. Lintu sepatu, maringi kembang kang pas 100 dinten Gyun Woo lan The Girl punika ketemu. Gyun Woo mboten sadar menawi sesambetanipun kaliyan The Girl punika mboten namung kanca kemawon.[2]
[sunting] Cathetan Suku
- ↑ (id)www.indosiar.com(dipuntingali tanggal 13 Agustus 2011)
- ↑ (id)kitareview.com(dipuntingali tanggal 13 Agustus 2011)
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.