Museum Kereta Api Ambarawa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Museum Kereta Api Ambarawa

Lokomotif B5112, salah satu lokomotif buatan Hanomag Hannover (Jerman) yang dikoleksi di Museum Ambarawa
Diadegaké 6 Oktober 1976[1]
Lokasi Jalan Stasiun No.1, Ambarawa, Jawa Tengah, Indonesia
Jinis Museum kereta api

Museum Kereta Api Ambarawa utawi Muséum sepur Indonésia, punika salah setunggaling stasiun sepur ingkang sapunika dipunalihfungsiaken dados salah setunggaling museum ing Ambarawa, Jawa Tengah.[2] Museum menika nggadhahi piranti-piranti sepur ingkang nate jaya ing jamanipun.[2] Salah setungalipun inggih menika kereta uap kanthi lokomotif nomor B 2502 saha B 2503 damelanipun Maschinenfabriek Esslingen.[2] Sepur punika ngantos sapriki taksih saged dipunginakaken kanggé kereta api wisata. [2]Sepur uap ingkang nggadhahi gerigi menika kalebet salahsetunggaling saking tiga sepur uap ingkang wonten ing donya. [2]Sepur sanesipun wonten ing Swiss saha India.[2] Kejawi koleksi-koleksi menika taksih wonten koleksi jinis-jinis lokomotif uap saka seri B, C, D ngantos jinis CC ingkang paling ageng (CC 5029, Schweizerische Lokomotiv und Maschinenfabrik) wonten ing sanjawinipun museum.[2]

Ambarawa punika kala rumiyim dados kitha militèr nalika jaman Pemerintahan Kolonial Walandi.[2] Raja Willem I mrintahaken kanggé mbangun stasiun sepur anyar ingkang saged dipunginakaken pamarintah kangge transportasi para tentarane ing Semarang.[2] Nalika tanggal 21 Mei 1873, stasiun kereta api Ambarawa dibangun wonten sanginggilipun siti ingkang wiyaripun 127.500 m².[2] Rumiyin stasius menika misuwur kanthi nama Stasiun Willem I.[2] Museum kereta api Ambarawa banjur dipundamel nalika tanggal 6 Oktober 1976 wonten ing Stasiun Ambarawa kanggé nglestantunaken lokomotif uap.[2] Nalika tanggal 8 April 1976 Gubernur Jawa Tengah Supardjo Rustam sesarengan kaliyan Kepala PJKA Eksploitasi Soeharso netepaken Stasiun Ambarawa dados museum kereta api.[3]


Cathetan suku [sunting]

  1. ^ "Museum Kereta Api". Museum-Indonesia.net. 2007. http://www.museum-indonesia.net/index.php?option=com_content&task=view&id=58&Itemid=70. Retrieved 2010-01-08.
  2. ^ a b c d e f g h i j k l (en)internationalsteam.co.uk(dipunundhuh tanggal 18 September 2011)
  3. ^ (id)museumindonesia.com(dipunundhuh tanggal 18 September 2011)

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.