Muséum Nasional Ètnologi

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Kokuritsu Minzokugaku Hakubutsukan
Diadegaké November 1974, dibuka untuk umum: 1977
Lokasi Flag of Japan.svg Suita, Prefektur Osaka, Jepang
Jinis etnologi, antropologi budaya
Dirèktur Makio Matsuzono
Situs wèb www.minpaku.ac.jp

Museum Nasional Etnologi (国立民族学博物館 Kokuritsu Minzokugaku Hakubutsukan) inggih punika salah satunggal saking institut riset antaruniversitas ugi minangka museum ing kutha Suita, Prefektur Osaka, Jepang. Museum utawi institut punika misuwur kanthi sebutan Minpaku. Wiwit wulan April 2004, Minpaku dados anggota saking Institusi Nasional Humaniora.

Fungsinipun minangka pusat panaliten sarta museum ing bidang etnologi saha antropologi budaya. Papan dunungipun wonten ing Expo Memorial Park. Sakmenika, wonten ing kompleks museum wonten Program Doktoral Humaniora dan Kajian Sosial saking The Graduate University for Advanced Studies.

Sejarah[sunting | sunting sumber]

Nalika taun 1921, nalika mahasiswa Universitas Kekaisaran Tokyo, Keizō Shibusawa kagungan hobi ngempalaken spesimen kewan saha perkakas saben dinten ingkang biasa dipunginakaken tiyang. Barang-barang dipunkempalaken sesarengan kaliyan bekas kanca-kanca sekelasipun ing Dai-ni Kōtō Gakkō. Sedayanipun dipunsimpen ing “museum alit” ingkang mapan ing loteng griyanipun ing Mita, Tokyo. Ing dinten lajengpun, Shibusawa dados Menteri Keuangan dan Direktur Bank of japan. Nalika taun 1935, Shibusawa kaliyan Kurakichi Shiratori mimpin pambentukan Perkumpulan Etnologi Jepang (Nihon Minzoku Gakkai) ingkang nggagas pendirian Museum Nasional Etnologi. Piyambakipun ngusulaken petisi dhumateng pamarentah, ananging boten dipunpenggalih amargi kahanan paprangan samsaya rekaos. Nalika taun 1937, Shibusawa mbangun piyambak museum ing Hoya, Tokyo. Koleksinipun antawis 20.000 spesimen saking "museum" ing loteng griyanipun, dipuntambah spesimen perkakas padintenan. Bangunan saha koleksi dipunhibahaken dhuamteng Perkumpulan Etnologi Jepang ingkang ndadosaken minangka museum etnologi saha pusat panaliten. Perkumpulan Etnologi Jepang pikantuk pepalang nalika ngelola museum. Shibusawa ugi mangertosi bilih piyambakiipun boten badhe kagungan yuswa langkung dawa. Nalika taun 1962, koleksi museum etnologi dipunhibahaken dhumateng Perpustakaan Kementerian Pendidikan (sakmenika Institut Nasional Kesusastraan Jepang. Babagan punika pikantuk sarujuk saking pihak Shibusawa saha pamarentah. Koleksi Shibusawa badhe dipunpasrahaken ing museum etnologi nasional ingkang badhe dipunbangun ing sawijining dinten samangke.

Sabibaripun Shibusawa seda, Perkumpulan Etnologi Jepang nalika taun 1964 kalebet antawising organisasi ingkang ngajukaken petisi babagan wigatinipun museum penelitian etnologi. Nalika taun salajengipun Dewan Sains Jepang nyampekaken rekomendasi pambangunan museum penelitian etnologi nasional dhuamteng perdana menteri Jepang.nalika taun 1970, Pameran dunia dipunadani ing Jepang. Tarō Okamoto minangka produser kepala ing gedung ingkang memameraken topeng, patung dewa, saha perkakas padintenan saking sedaya wilayah ing donya. Okamoto kaliyan Seiichi Izumi (dosen Universitas Tokyo) saha Tadao Umesao (dosen Universitas Kyoto) sesarengan ngempalaken koleksi etnologi kangge Pameran Dunia.

Sabibaripun Pameran Dunia pungkas, lokasi bekas pameran miturut rencana badhe dipundadosaken taman budaya kanthi museum etnologi minangka pusatipun. Nalika taun 1973, panitia persiapan dipunbentuk ing Kementerian Pendidikan kanthi Tadao Umesao minangka pangarsanipun. Nalika taun1974, Museum Nasional Etnologi dipundhirikaken minangka institut riset antaruniversitas kanthi Umesao minangka direktur ingkang angka pisan.

Sabibaripun gedung rampung kabangun, peresmian museum dipunadani ing taun 1977. Koleksi kasungsun saking barang-barang ingkang rumiyin dipunpameraken ing Pameran Dunia 1970 saha koleksi Shibusawa ingkang dipunhibahaken dhumateng Perpustakaan Kementerian Pendidikan. Pameran ingkang angka pisan kabikak nalika 17 November 1977.

Wiwit April 1989, The Graduate University for Advanced Studies mbikak Program Doktoral Jurusan Budaya Regional dan Perbandingan Budaya wonten ing kompleks museum.


Cathetan Suku[sunting | sunting sumber]

  • Umesao, Tadao (1990). Minzokugaku to hakubutsukan ("Umesao Tadao chosakushū" 15-kan)(民族学と博物館(「梅棹忠夫著作集」15巻)). Chūōkōron.
  • Umesao, Tadao (1989). Minpaku hayawakari(民博早わかり). Heibonsha.
  • Sano, Shinichi (1996). Tabi suru kyōjin - Miyamoto Tsuneichi to Shibuzawa Keizō. Bungei Shunju.
  • Louis-Frédéric|Nussbaum, Louis-Frédéric. (2005). "Museums" in Japan Encyclopedia, pp. 671-673.

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]