Muséum Monumen Yogya Kembali

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Monumen Jogja Kembali

Muséum Monumèn Yogya Kembali utawi kawéntar kanthi singkatan Monjali menika muséum ingkang mapan wonten ing dalan Ring Road Utara, Sleman, Yogyakarta mliginipun wonten ing Jln. Lingkar Utara, Jongkang, Sariharho, Ngaglik [1]. Kalebet muséum sejarah perjuangan kamardikan Republik Indonesia ingkang wonten ing Yogyakarta saha dipunkelola déning Departemen Kabudayan lan Pariwisata. Dipunbangun nalika tanggal 29 Juni 1985 kanthi tetengeran upacara tradhisional nandur kepala sapi lan mapanaken watu kapisan déning Sri Sultan Hamengkubuwono IX lan Sri Paduka Paku Alam VIII [2].

Gagasan kanggé madegaken monumèn menika saking Kolonel Sugiarto minangka Wali Kota Madya Yogyakarta nalika Pengetan Yogya Kembali ingkang dipunadani dening Pemerintah Daérah Tingkat II Yogyakarta ing 29 Juni 1983 [2]. Kapilih nama Yogya Kembali kanthi maksud minangka tetenger prastawa sajarah dipuntarik tentara pendudukan Belanda saking ibukota Yogyakarta ing 29 Juni 1949. Menika minangka tandha bebasing Bangsa Indonesia kanthi nyata saking kuasaning pamaréntahan Belanda [3].

Makna papan lan wujuding Monjali[sunting | sunting sumber]

Monumèn Yogya Kembali menika awujud kerucut lan kapérang dados tigang lantai menika rampung dipunbangun kanthi dangunipun sekawan taun lajeng dipunresmèkaken tanggal 6 Juli 1989 déning Presiden RI kala menika, Soeharto. Monumen kanthi dhuwur kirang langkung 31.8 m menika awujud gunung minangka lambang kasuburan. Kejawi menika wujud gunung menika ugi ateges nglestantunaken budayanipun nenek moyang pra-sejarah.

Pamilihaning papan Monjali menika kagungan makna piyambak kanthi latar budaya Yogya, inggih menika monumèn menika mapan wonten ing sumbu utawi poros imajiner ingkang ngubungaken Gunung Merapi, Tugu Jogja, Kraton, Panggung Krapyak, lan Panté Parangtritis. Sumbu imajiner menika asring dipunsebat Poros Makrokosmos utawi Sumbu besar kehidupan. Titik imajiner piyambak saged dipuntingali wonten ing lantai 3 ing papan madegipun tiang gendera[2] [3].

Bangunan[sunting | sunting sumber]

Bangunan monumen menika saking taman ing ngajeng ingkang para wisatawan saged mirsani Meriam PSU Kaliber 60mm damelan Rusia, déné ing plataran paling ngajeng wonten Replika Pesawat Guntai lan Pesawat Cureng ingkang dipunagem nalika prastawa perjuangan menika. Mlebet wonten plataran muséum wonten tembok ingkang ngebaki sisih kidul monumèn ingkang isinipun Rana Daftar Nama Pahlawan bilih para wisatawan saged mirsani 422 nama pahlawan ingkang gugur ing dhaérah Wehrkreise III antawisipun tanggal 19 Desember 1948 dumugi 29 Juni 1949 lan geguritan Karawang-Bekasi anggitanipun Khairil Anwar[3].

Monjali menika kapérang dados tigang lantai. Sedaya bagéyan bangunan dipunbètèngi kolam toya. Ing lantai satunggal menika muséum ingkang kapérang dados 4 ruang muséum kanthi kolèksi arupi : realia, replika, foto, dokumen, heraldika, manéka warna senjata, wujud evokatif pawon umum ingkang sedaya nggambaraken swasana perang kamardikan 1945-1949. Wisatawan saged mirsani tandu ingkang nate kangge mboyong Jendral Sudirman nalika perang gerilya, seragam tentara, lan dokar. Wonten ugi perpustakaan khusus ingkang nyediakaken bahan-bahan referensi sajarah perjuangan kamardikan Indonesia kanggé umum[3].

Ing lantai 2 bagéyan tembok njawi para wisatawan saged mirsani 40 relief Perjuangan Phisik lan Diplomasi perjuangan Bangsa Indonesia awit 17 Agustus 1945 dumugi 28 Desember 1949. Wonten ing mriku wonten ugi relief Jenderal Mayor Meyer ingkang ngancam Sri Sultan HB IX tanggal 3 Maret 1949, Presiden, lan para pemimpin sanès kondur dhateng Yogyakarta[3].

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]

  1. ^ [1], (id) Monumèn Jogja kembali (dipunakses tanggal 18 Desember 2012)
  2. ^ a b c [2], (id) Situs Monjali (dipunakses tanggal 18 Desember 2012)
  3. ^ a b c d e [3], (id) Museum dan Monumen Monjali (dipunakses tanggal 18 Desember 2012)