Muséum Bèntèng Vredeburg
Muséum Bèntèng Vredeburg yaiku salah sijiné Bèntèng kang dumadeg taun 1765 kang diadegaké dèning VOC ing tlatah Yogyakarta ing mangsa kolonial VOC. Gedung kang ninggalaké sajarah iki ana ing tlatah ngarep Gedung Agung (siji saka pitu istana kepresidenan ing Indonésia) lan Istana Sultan Yogyakarta Hadiningrat kang misuwur kanthi jeneng Kraton. Bèntèng iki madeg kanthi dibangun VOC lan ndhuwèni mupangat ing mangsa iku kanggo pusat pamaréntahan lan pertahanan gubernur ing mangsa Walanda. Bèntèng iki diubengi kalènan kang bisa dimumpanggataké nganthi sepréné kanggo buang banyu saka kutha
Bèntèng kang awujud pesagi iki ndhuwèni menara ing papat pojokan. Ing mangsa walanda lan VOC menara iki ndhuwèni mupangat kanggo patroli ngubengi tembok (dinding).Sepréné bèntèng iki dimumpangataké kanggo museum.Ing cacahé bangunan kang ana ing sakjroning muséum ana uga diorama kang nerangaké sajarah Indonésia.
Pranala jaba [sunting]
- (id) Museum Benteng Vredeburg
- (en) Fort Vredeburg Museum
- (id) Panduan Pariwisata Yogyakarta dan sekitarnya