Mundhu
| Mundhu | |
|---|---|
| Gambar:มะพูด.jpg | |
| Klasifikasi èlmiah | |
| krajan: | Plantae |
| divisio: | Magnoliophyta |
| kelas: | Magnoliopsida |
| ordo: | Theales |
| kulawarga: | Clusiaceae |
| Genus: | Garcinia |
| Species: | G. dulcis |
| Jeneng binomial | |
| Garcinia dulcis |
|
Mundhu (Garcinia dulcis) yaiku saah siji tanduran woh-wohan kang aseli Indonesia. Wohe uga disebut apel jawa. Tanduran iki isih sedulur cedah saka manggis (Garcinia mangostana) lan asem kandhis (Garcinia parvifolia), kang kabeh mlebu genus Garcinia. Tanduran iki mung ana ing Jawa lan saperangan Kalimantan, uga ana ing Filipina dan Thailand.
Jeneng liya [sunting]
Ing jawa, mundhu uga disebut rata, baros utawa klendheng. Ing basa Sunda disebut jawura utawa golodogpanto.
Diskripsi [sunting]
Tanduran mundhu wujud wit kang cendhek, kang dhuwur maksimale 13-15 m, tajuke wujud kerucut. Kulit wit werna siklat, tlutuh werna putih lan malih soklat nalika garing. Wite nduweni pang lan rencek kang akeh, getas lan nduweni wulu alus. Godhonge bunder lonjong, dawan e10-30 cm, ambane 35-14cm, ijo pucet nalika pupus, sisih ndhuwur ijo tuwa lan mengkilat. Kembange thukul ing cedhak gagang godgong, werna kuning semu putih lan gandhane arum. Wohe wbentuk bunder, werna ijo nalika enom lan kuning mengkilat nalika wis mateng. Isine 1-5, werna soklat.
papan urip [sunting]
Wit mundhu cocok urip ing dataran rendhah nganti dhuwur 500m saka segara.