Muhammad Nashiruddin Al-Albani
| Ulama Islam Jaman modern |
|
|---|---|
![]() |
|
|
Jeneng |
Muhammad Nashiruddin al-Albani |
|
Lair |
1914 |
|
Pati |
1999 |
|
Aliran/tradisi |
|
Muhammad Nashiruddin Al-Albani yaiku sawijining imam Ahlus-Sunnah abad iki, kang ngorbanake kabeh uripe kanggo Gusti Allah SWT.[1] Dheweke ora mung kawentar sawijining ulama ahli hadits, nanging uga salah sawijining kang ana ing barisan para ulama kang entuk predikat dadi Mujaddid al-Islam.[1]
Bab lan Paragraf |
Jeneng [sunting]
Dheweke yaiku Muhammad Nashiruddin bin Nuh, luwih kawentar kanthi jeneng kuniah Abu 'Abdurrahman.[2]
Lair [sunting]
Dheweke lair taun 1914 M ing kutha Ashqadar, ibu kutha Albania, ing satengahing kulawarga kang sedherhana banget lan sibuk karo ilmu agama, ing Albania.[2]
Kulawarga [sunting]
Bapake yaiku haji Nuh salah sawijining ulama gedhe ing Albania kang nate golek ilmu menyang Istambul, Turki, banjur bali maneh ing Albania saperlu mulangake maneh ilmune lan dakwah. Lingkungan keluargane kebak kanthi cahya Islam kang ketok kejaga ing saben sisine.[3]
Hijrah [sunting]
Nalika Ahmad Zogo dadi raja Albania, dheweke mulai ngowah-ngowahi aturan sosial kang revolusioner kang ngrusak pondasi-pondasi lingkungan Islami kasebut. Amarga apa kang ditindhakake dening raja Ahmad Zogo padha wae karo apa kang dilakokake dening Mustafa Ataturk; ing kono wong wadon kudu nyopot hijabe, saengga marakake akeh fitnah. Sakawit iku, kaum muslimin kang kuwatir karo agamane, hijrah marang luar negri, kalebu kulawargane Syaikh Haji Nuh, kang nggawa agama lan kulawargane marang Suriah, kalebu Muhammad Nashiruddin al-Albani cilik.[4]
Pendhidhikan [sunting]
Ing Damaskus, Muhammad Nashiruddin cilik nyinaoni Basa Arab ing Madrasah Jam'iyah al-Is'af al-Hairi. Wong kang pertama menehi pengaruh kanggo dadi alim yaiku bapake dhewe, Haji Nuh, kang dadi salah sawijining ulama Madzhab Hanafi nalika iku. Kanggo sawetara wektu dheweke taqlid madzhabi kang diwulangake bapake. Nanging dheweke entuk hidayah Allah banjur dheweke dadi wong kang ora gelem dikekang madzhab tinamtu.[5]
Umur 20 taun, al-Albani mulai konsentrasi marang ilmu hadits amarga kesengsem marang pembahasan-pembahasan kang ana jroning majalah al-Manar, sawijining majalah kang diterbitke dening Syeikh Muhammad Rasyid Ridha. Kegiatan pertama ing bidang iki yaiku nyalin sawijining kitab kanthi judhul "al-Mughnian Hamli al-Asfar fi Takhrij ma fi al-Ishabah min al-Akhbar". Sawijining kitab karya al-Iraqi, arupa takhrij marang hadits-hadits kang ana ing Ihya Ulumuddin al-Ghazali. Kegiatan Syeikh al-Albani jroning bidang hadits iki ditentang dening bapake sinambi ngendika. "Sakjane ilmu hadits yaiku panggawean saka orang-orang bangkrut".[6]
Al-Albani nom dadi sawijining pemuda kang unggul jroning kajian hadits, kang pindhah saka siji majelis pengajian marang majelis liya kanggo golek ilmu.[1]
Kango nguripi sadina-dinane, dheweke dadi tukang servis jam, nanging iku mau ora ngalangi dheweke kanggo dadi ulama gedhe.[7]
Dadi Guru Besar ing Universitas Islam Madinah [sunting]
Saka kauletane Al-Albani lan saka taufik saka Allah, karya tulise dheweke mulai diterbitake jroning pirang-pirang disiplin ilmu, kayata fikih, akidah lan liya-liyane, luwih-luwih ilmu hadits kang pancen wis dadi spesifikasine dheweke. Iku mau mujudake ambane ilmu kang wis diwenehake saka Allah kanggo dheweke arupa pemahaman kang shahih, ilmu kang amba, lan kajian kang jero ing babagan hadits. Katambahan maneh manhaje dheweke kang lurus, kang ndadekake al-Qur'an lan as-Sunnah dadi dhasar ing kabeh hal. Kabeh mau ndadekake Al-Albani dadi rujukan ahli ilmu lan kanthi cepet kautaman kang ana ing dheweke dikenal wong-wong. Mula nalika Universitas Islam Madinah mulai dirintis, kang dipelopori dening Syaikh al-Allamah Muhammad bin Ibrahim Alu asy-Syaikh, kang nalika iku dadi Mufti Umum Kerajaan Saudi Arabia, Syaikh al-Albani langsung dadi pilian kanggo dadi guru besar Bidang Studi Hadits.[4]
Ing panggonane mulang, dheweke tansah ulet, tenanan, lan ikhlas, nganti asring dheweke nalika ngaso, melu lungguh ing satengahing mahasiswa ing dhuwur pasir kanggo njawab pitakonan lan dhiskusi karo mahasiswane.[1]
Dheweke wong kang andhap asor, saengga asring mobile dheweke kebak dening murid-muride kang kepengin njupuk faedah saka dheweke.[4]
Ing antarane kasenengan lan berkah kang ana ing Universitas Islam Madinah yaiku metodologi kuliah kang ana ijroning sub-disiplin "Ilmu Isnad." Dheweke mulang iki kanthi metode milih hadits saka Shahih Muslim misale, banjur ditulis ing papan tulis lengkap kanthi sanad. Banjur dheweke ngawa kitab-kitab biografi rawi-rawi hadits, banjur dijelasake marang mahasiswane babagan metodologi kritik rawi lan metodologi takhrij hadits.[1]
Nalika Al-albani ninggalake Universitas Islam Madinah kanggo netep ing Yordania, metodologi piwulangan mau isih tansah dilakokake dening dhosen kang ngganti dheweke.[1]
Dadi Imam Para Ulama Ahli Hadits Abad Iki [sunting]
Saking akehe karya tulis lan kasil-kasil studine dheweke jroning dhisiplin ilmu hadits; kang kawentar kanthi kesimpulan-kesimpulan kang detil lan cermat, ndadekake dheweke rujukan ulama-ulama saka negara Islam liya kang padha teka saperlu njupuk faidah saka berkah ilmune dheweke.[4]
Prestasi [sunting]
- Dheweke kapilih dadi anggota dewan kajian hadits kang digawe dening Mesir lan Suriah, kanggo mimpin komite publikasi kitab-kitab sunnah.[1]
- Dadi guru besar bidang studi hadits ing Universitas Islam Madinah lan banjur dadi anggota dewan rektor ing universitas kasebut, periode 1381-1383 H.[1]
- Nate disuwun kanggo dadi guru besar ing Universitas as-Salafiyah, India, nanging ora disanggupi.[4]
- Dheweke nate disuwun dening Menteri Wakaf Saudi Arabia, Syaikh Hasan 'Abdullah Alu asy-Syaikh, kanggo dadi guru besar ilmu hadits ing Universitas Makkah al-Mukarramah.[4]
- Dening Raja Khalid bin 'Abdul-Aziz, raja Saudi Arabia, dheweke kepilih maneh dadi anggota dewan rektor Universitas Islam Madinah periode 1395-1398 H.[1]
- Perpustakaan azh-Zhahiriyah, ing Damaskus, nggawe ruang dhewe khusus kanggo Syaikh supaya nglancarake sinau lan penelitiane.[4]
- Entuk penghargaan saka kerajaan Saudi Arabia arupa King Faisal Fundation tanggal 14 Dzulkaidah 1419 H.[2]
Pengalaman Penjara [sunting]
Syeikh al-Albani nate dipenjara ping pindho. Kaping pertama suwene sakwulan lan kaping pindho suwene 6 wulan amarga dheweke dakwah marang sunnah lan merangi bid'ah saengga wong-wong kang drengki marang dheweke tansah nyebarake fitnah.[5]
Pujian Saka Ulama [sunting]
- Sikap hormat Syaikh al-Allamah Muhammad Amin asy-Syinqithi -kang kawentar dadi ahli tafsir kang ora ana tandhingane ing jamane- kang ora lumrah marang Syaikh al-Albani, nalika dheweke mriksani Syaikh al-Albani liwat padahal dheweke lagi mulang ing Mesjid Nabawi, dheweke banjur ngadeg kanggo ngucapake salam kanggo Syaikh al-Albani.[1]
- Pujian al-Allamah Muhibbuddin al-Khathib rahimahullah; Ing antarane para dai marang as-Sunnah, kang ngentekake uripe demi kerja keras kanggo nguripake yaiku Abu 'Abdurrahman Muhammad Nashiruddin bin Nuh Najati al-Albani.”[4]
- Syaikh Muhammad bin Ibrahim Alu asy-Syaikh rahimahullah, nate nyebut al-Albani kanthi pujian; Dheweke yaiku ahli Sunnah, kang mbela kebenaran lan musuh saka kang melu kaluputan.”[1]
- Pujian Syaikh 'Abdul-Aziz bin Baz rahimahullah; Aku ora tau weruh sawijining ulama ing sangisore longan langit iki, ing abad modern iki kaya al-Allamah Muhammad Nashiruddin al-Albani.”[8]
- Pujian Syaikh Muhammad bin Shalih al-'Utsaimin rahimahullah; “Sing tak ngerteni saka Syaikh, saka ketemune aku lan dheweke menawa dheweketeguh klawan ngamalake as-Sunnah lan merangi bid'ah, ing jroning akidah utawa amaliyah. Lan saka telaahku marang karya tulis dheweke, aku mangerteni menawa dheweke nduweni ilmu kang amba jroning hadits, riwayat utawa dirayat. Lan Allah menehake manfaat kang akeh saka karya tulise dheweke saka segi ilmu utawa metodologi.”[8]
Karya Tulis [sunting]
Karya tulise dheweke kang wis dicithak akehe ora kurang saka 218 sing arupa ta'lif utawa takhrij. Malah ana kang awujud manuskrip.Karya Tulise yaiku:
- Adab az-Zafaf.
- Al-Ayat al-Bayyinat fi Adami Sima'i al-Amwat.
- Al-Ajwibah an-Nafi'ah 'An As'ilah Lajnah Masjid al-Jami'ah.
- Ahkam al-Jana'iz.
- Irwa' al-Ghalil fi Takhrij Ahadits Manar as-Sabil.
- Tadzhir as-Sajid min Ittikhadz al-Qubur Masajid.
- Tahrim Alat ath-Tharb.
- Shifah Shalati an-Nabi Shallallahu 'alaihi wa sallam min at-Takbir Ila at-Taslim.
- Silsilah al-Ahadits adh-Dha'ifah wa al-Maudhu'ah.
- Silsilah al-Ahadits ash-Shahihah.
- At-Tawassul Anwa'uhu wa Ahkamuhu, lan liya-liyane.[4]
Nalika arep ditekani ajal, dheweke wasiat supaya kabeh perpustakaan pribadine dihibahke marang Universitas Islam Madinah.[1]
Tilar Donya [sunting]
Dheweke tilar donya dina Setu, 22 Jumadil-Akhir 1420 H utawa tanggal 1 Oktober 1999 ing Yoradania.[5]
Cathetan Sikil [sunting]
- ^ a b c d e f g h i j k l (id)[1] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ a b c (id)[2] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ (id)[3] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ a b c d e f g h i (id)[4] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ a b c (id)[5] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ (id)[6] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ (id)[7] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
- ^ a b (id)[8] Muhammad Nashiruddin Al-Albani (diaksés tanggal 21 September 2011)
