Muhammad Maftuh Basyuni
|
Muhammad Maftuh Basyuni
|
|
![]() |
|
|
|
|
|---|---|
| Mangsa jabatan 21 Oktober 2004 – 22 Oktober 2009 |
|
| Pejabat sadurungé | Said Agil Husin Al Munawar |
| Pengganti | Suryadharma Ali |
|
|
|
| Lair | 4 November 1939 (umur 72) Cithakan:Bendera hindia belanda [[Kabupatèn Rembang|Rembang]], Jawa Tengah, Hindia Walanda |
| Kabangsan | Indonésia |
| Agama | Islam |
Muhammad Maftuh Basyuni, SH. (lair ing Rembang, Jawa Tengah, 4 November 1939; umur 72 taun) inggih menika Mentri Agami Républik Indonésia nalika Kabinét Indonésia Bersatu wonten ing wekdal pamaréntahanipun Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono.[1][2] Basyuni lulus pendidikan sarjana ing Universitas Islam Madinah, Arab Saudi nalika taun 1968.[1]
Wekdal taun 1976 ngantos 1979, Basyuni njabat minangka Sekretaris Pribadi Duta Ageng Indonésia ing Jeddah.[1] Sasanèsipun menika, panjenenganipun ugi dados kepala rumah tangga kaprésidhènan Soeharto, panjenenganipun ugi naté njabat dados sekretaris negara nalika pamaréntahanipun Présidhèn Abdurrahman Wahid.[1] Wiwit taun 2002, panjenenganipun njabat dados Duta Ageng Indonésia kanggé Karajan Arab Saudi lan Kasultanan Oman.[1] Nalika taun 2004, panjenenganipun kapilih dados Ketua Dhelegasi Indonésia ing adicara Pepanggihan Mentri Organisasi Konferénsi Islam (OKI).[1]
Basyuni ingkang naté njabat dados sekretaris negara nalika Présidhen Abdurrahman Wahid menika ngakeni badhé siap sumadya dipunparingi tugas menapa kémawon kalebet dados mentri agami.[1] Panjenenganipun sanjang, nalika pepanggihan kaliyan Présidhèn SBY, kathah ngendikaken babagan panyaénan panyelenggaraan ibadah haji.[1] Alumni saking Pondhok Pesantrén Gontor ingkang kariéripun ing Departemen Manca Negari (luar negeri) menika, ngakéni minangka dados tiyang ingkang naté tugas dados duta ageng ing Arab Saudi,[2] kathah sakedhik panjenenganipun pirsa babagan panyelenggaraan haji.[1]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.
