Morfologi (linguistik)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ferdinand de Saussure salah sawijining tokoh linguistik

Morfologi utawa widyatembung punika salah satunggaling cabang linguistik.[1] Morfologi ateges cabang linguistik ingkang ngèdintifikasi ékan-ékan dhasar basa dadi ékan gramatikal. Morfologi nyinaoni asalipun tembung kaliyan pengaruhipun owah-owahan wujud tembung terhadap golongan lan arti tembung. utawi morfologi punika ndipunsinauni bentukipun tembung sarta fungsi owah-owahan wujud tembung iku, fungsi gramatik utawa fungsi semantik.[2]


Morfèm[besut | besut sumber]

Morfém yaiku ékan gramatikal kang paling cilik lan duwèni makna.

Morf lan alomorf[besut | besut sumber]

  • Morf yaiku nama kanggé sadaya awujud ingkang dèrèng dipunmangertosi statusipun.
  • Alomorf yaiku nama kanggé awujud iku manawi sampun dipunmangertosi statusipun morphem wau.

Klasifikasi morfèm[besut | besut sumber]

  • Morfèm bébas

Morfèm bébas yaiku morfèm ingkang tanpa morfem sanèsipun saged dhèwèkan.
Tuladha: wangsul, dhahar, bagus.

  • Morfèm terikat

Morfèm terikat yaiku morfèm ingkang tanpa dipungabung rumiyin kaliyan morfèm sanèsipun boten saged(ora bisa ngadeg dhéwé).
Tuladha: juang, henti, gaul.[3]

Tembung[besut | besut sumber]

Tembung yaiku ékan gramatikal bèbas paling alit. Kata awujud dasaripun saged satunggal morfèm utawi tembung ingkang wonten imbuhanipun. Kata diklasifikasikan dados gangsal kelompok yaiku verba, adjektiva, adverbia, nomina, lan tembung tugas.[4]

Prosès morfologi[besut | besut sumber]

  • Afiksasi
Wonten ing ngriki tembung dipunparingi ater – ater. Wonten ing ngajeng, seselan, ing wingking lan gabungan ater-ater kala wau.
  • Pengulangan
Wonten pengulangan wutuh (dwilingga), pengulangan wutuh dibarengi swanten (dwilingga salin swara), pengulangan awal (dwipurwa), lan pengulangan akir (dwiwasana).
  • Pemajemukan dan Akronimisasi
Wonten tembung majemuk ingkang bentukipun kalih tembung, tiga tembung, lan wonten ugi ingkang bentukipun cambiran tugel (akronim).
  • Pangowahan swanten
Tembung baru ingkang dipundamel saking pangowahan swanten vocal, utawi pangowahan swanten konsonan, utawi pangowahan kalih-kalihipun.
  • Produktifitas
  • Frèkuènsi
Frèkuènsi wonten gayutan kaliyan asring boten prosès punika katingal.
  • Owah-owahan Morfofonemik
Wonten ing bab punika wujud morfem kaliyan alomorf – alomorf lan syarat distribusinipun.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Situs Pusat Panduan[pranala mati permanèn](Dipuntingali tanggal 16 Mèi 2011)
  2. morfologi.com
  3. Chaer, Abdul.1994.Linguistik Umum.Jakarta: Rineka Cipta
  4. pustaka.ut.ac.id Archived 2010-10-02 at the Wayback Machine.(Dipuntingali tanggal 15 Mèi 2011)
  5. Poedjosoedarmo, Soepomo.1979. Morfologi Basa Jawa. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Basa DEPDIKBUD.