Moor
|
|
Artikel punika pinuju ngalami éwah-éwahan ageng ngantos 28 Februari 2013 Kanggé nyegah konflik panyuntingan, nyuwun tulung supados boten nyunting artikel punika nalika pesen punika taksih wonten. Kaca punika pungkasan dipunsunting déning Legobot (Kontrib • Log) 97 dinten 1307 menit kapungkur. |
|
Artikel pelatihan Papat Limpad 2012 punika perlu dipunrapèkaken supados miturut dhumateng standhar Wikipédia |
Moor utawi Bangsa Moor menika sebatan kanggé umat Islam lan muslim saking zaman tengahan ingkang mapan wonten ing Al-Andalus ( Semenanjung Iberian kalebet Spanyol lan Portugis ing zaman samenika ) ugi Maroko lan Afrika Barat [1]. Kabudayaan bangsa Moor menika dipunwastani Moorish. Tembung menika ugi dipunginakaken ing Eropa kanggé nedahaken tiyang ingkang gadhah keturunan Arab utawi Afrika. Nama Moor asalipun saking suku kuno Maure lan Kerajaan Mauritania.
Sejarah[sunting]
Bangsa Moor menika sebatan kanggé umat Islam ing Semenanjung Iberia ingkang merintah Spanyol ing antawisipun taun 711 M dumugi 1492 [1]. Pemimpin Islam ingkang dumugi Spanyol kaping pisan menika Abd al-Rahman. Tiyang Kristen ing Semenanjung Iberia wiwit ngginakaken istilah Moor kanthi ekslusif kanggé umat Islam. Moor menika satunggaling tembung ingkang merujuk dhateng tiyang ingkang asalipun saking Maroko. Amargi umat ISlam ingkang kapisan dugi ing Spanyol ing taun 711 menika tiyang Arab ingkang asalipun saking Afrika Utara. Kejawi Moor, tembung kados Moriscos,, lan Mudejares ugi dipunginakaken kanggé sebatan bangsa Moor ing tengahan abad kaping 13 [1].
Bangsa Moor mapan wonten ing Andalusia, Spanyol ingkang nalika periode wiwitan sejarah kalebet wilayah Portuga; lan kiduling Prancis. Ing Ramadhan 732 M, umat Islam dipunkalahaken ing Tours-Poitiers, Prancis ingkang kawéntar kanthi sebatan The Pavement of the Martyrs utawi ing Basa Arab menika Balaat asSyuhad ingkang ateges tanah para syuhada. Akibat saking kalahing tentara Moors saking pasukan Karel Martel ( Charlemagne]] kasebut, kendali umat Islam ing wilayah Toulouse, Narbone, Lyon, lan wilayah Prancis Kidul sanèsipun ical dumugi taun 975 M. Sasampunipun Prancis boten kasil dipunkuwasani, umat Islam ing Spanyol damel pusat kawigatosan dhateng Andalusia, Spanyol Kidul kanggé mbangun sawijining peradaban[1].
Ing Spanyol, Bangsa Moor nikah kaliyan bangsa-bangsa sanès kalebet penduduk Spanyol-Muslim lan merintah kanthi wicaksana lan adil. Tiyang Kristen lan Yahudi dipun-toleransi saengga kathah saking kelompok kasebut ingkang gadhah jabatan wigati ing pamaréntahan, wonten ugi ingkang ndhèrèk agami Islam. Kejawi menika pikantuk ugi ngampahi pakaryanipun piyambak, nglayani tentara, ngolah lemah, ugi prkatek ajaran piyambak-piyambak [2][1].
Bibliografi[sunting]
- Jan Carew, "Rape of Paradise"
- David Brion Davis, "Slavery: Black, White, Muslim, Christian"
- Herodotus, "The Histories"
- Shomark O.Y. Keita, "Genetic Haplotyes in North Africa"
- Shomark O.Y. Keita, "Craniometric Data from North Africa
- Shomark O.Y. Keita, "Further Craniometric Data from North Africa"
- Shomark O.Y. Keita, "Bernal vs. Snowden"
- Bernard Lewis, "The Middle East"
- Bernard Lewis, "The Muslim Discovery of Europe"
- Bernard Lewis, "Race and Slavery in Islam"
- Stanley Lane-Poole, Turkey (1888) -
- Stanley Lane-Poole, The Barbary Cosairs (1890) -
- Stanley Lane-Poole, "The History of the Moors in Spain"
- J.A. Rogers, "Nature Knows no Color Line"
- Ronald Segal, "Islam's Black Slaves"
- Ivan Van Sertima, "The Golden Age of the Moor"
- Frank Snowdon, "Before Color Prejudice"
- Frank Snowdon, "Blacks in Antiquity"