Monumen Nasional (Monas)

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Monumen Nasional

Monumen Nasional
Informasi umum
Lokasi Jakarta Pusat, Indonesia
Alamat Jalan Lapangan Monas
Diwiwiti 17 Agustus 1961
Rampung 12 Juli 1975
Diresmèkaké 12 Juli 1975
Dhuwur 132 meter
Desain dan pembangunan
Kontraktor utama P.N. Adhi Karya
(tiang fondasi)
Arsitèk Frederich Silaban,
R.M. Soedarsono

Monumèn Nasional utawa dicekak dadi Monas iku sawijining tugu ing punjer kutha [Jakarta] ing Lapangan Merdéka. Tugu iki nglambangaké perjuangan kamardhikan Républik Indonésia. Monas dhuwuré 132 mèter lan wiwit dibangun ing taun 1961. Pambangunan Monas diprakarsani déning Presiden Soekarno. Monas lagi rampung lan dibukak kanggo umum ing taun 1975. Pucuking Monas iku ana reca sing nglambangaké geni lan dilapisi déning emas tipis. Monas lan musèum iku bukak saben dina saka tabuh 08.00 - 15.00 WIB, kejaba dina Senèn pungkasan sajroning saben sasi.

Sajarah[sunting | sunting sumber]

Sawisé pusat pamréntahan Republik Indonèsia bali menyang Jakarta sawisé sadurungé manggon ing Yogyakarta ing taun 1950 disusul pengakuan kedaulatan Republik Indonesia déning pamréntah Belanda ing taun 1949, Presiden Sukarno mulai mikiraké pambangunan monumèn nasional kang arep padha karo Menara Eiffel ing lapangan sangarepé Istana Merdeka. Pambangunan tugu Monas nduwéni ancas kanggo ngenang lan nglestarikaké perjuangan bangsa Indonesia nalika jaman révolusi kamardhikan taun 1945, supaya bisa mènèhi inspirasi lan semangat patriotisme generasi saiki lan suk mbèn.

Ing tanggal 17 Agustus 1954 komité nasional dibentuk lan sayembara perancangan monumèn nasional diwiwiti ing taun 1955. Ana 51 karya kang mlebu, nanging mung 1 karya kang digawé déning Frederich Silaban kang mathuk karo kriteria kang ditemtokaké komité, antara liya nggambaraké karakter bangsa Indonesia lan bisa awèt nganti pirang-pirang abad. Sayembara kapindho dianakaké ing taun 1960 nanging ora siji-sijia saka 136 peserta kang mathuk karo kriteria. Ketua juri banjur njaluk Silaban supaya nguduhaké rancangané marang Sukarno. Nanging Sukarno kurang seneng karo rancangan iku lan kepingin monumèn iku awujud lingga yoni. Silaban banjur dijaluk supaya ngrancang monumèn kanthi téma iku, nanging rancangan kang diajukaké Silaban iku kapiken mulané prabéya kang kagedhèn ora mampu ditanggung karo anggaran negara, apa manèh nalika iku ékonomi negara isih durung apik. Silaban ora gelem ngrancang wangunan kang luwih cilik, lan mènèhi panyarué supaya pambangunan diundur ngentèni nganti tekan ékonomi Indonèsia dadi apik. Sukarno banjur njaluk arsitèk R.M. Soedarsono supaya nerusaké rancangan iku. Soedarsono mènèhi angka 17, 8 lan 45, kang nglambangaké 17 Agustus 1945 miwiti Proklamasi Kamardhikan Indonèsia, ing sajroning rancangan monumèn iku. Tugu Peringatan Nasional iki banjur dibangun ing panggonan kang ambané 80 héktar. Tugu iki diarsitèki déning Friedrich Silaban lan R. M. Soedarsono, dibangun wiwit tanggal 17 Agustus 1961.

Pambangunan[sunting | sunting sumber]

Pembetonan tugu Monas kang rampung tanggal 17 Agustus 1963 kang dhuwure kurang luwih 105.00 meter

Pambangunan kapérang saka telung tahap. Tahap kang pisanan, suwéné 1961/1962 - 1964/1965 diwiwiti kanthi resmi pambangunan ing tanggal 17 Agustus 1961 dening Sukarno kanthi cara seremonial nunclepake pasak beton kang pisanan. Total cacahe 284 pasak beton digunakake kanggo nggawé fondasi wangunan. Cacah 360 pasak bumi ditunclepaké kanggo fondasi musèum sejarah nasional. Pemancangan sakabéhing fondasi rampung ing sasi Maret 1962. Témbok musèum ing ngisor wangunan rampung dibangun ing sasi Oktober. Pambangunan obèlisk banjur diwiwiti lan rerampungan ing sasi Agustus 1963. Pambangunan tahap kapindho suwéné wiwit taun 1966 nganti tekan taun 1968 amarga anané Gerakan 30 September 1965 (G-30-S/PKI) lan upaya kudéta. Tahap kang pungkasan dianakaké ing taun 1969-1976 kanthi nambahaké diorama ing musèum sajarah. Sanajan pambangunan wis rampung, isih waé ana perkakarané, antara liya bocoring banyu kang mbanjiri musèum. Musèum resmi dibuka kanggo umum lan diresmikaké ing tanggal 12 Juli 1975 déning Prèsiden Rèpublik Indonèsia Soeharto. Panggonan pambangunan monumèn iki dikenal kanthi sesebutan Medan Merdeka. Lapangan Monas wis ngalami ganti jeneng kaping lima, yaiku Lapangan Gambir, Lapangan Ikada, Lapangan Merdeka, Lapangan Monas, lan Taman Monas. Ing sakupengé tugu ana tamané, rong kolam lan pirang-pirang lapangan kang kabuka kanggo panggonan olahraga. Ing dina prèinan, Medan Merdeka dikebaki wong-wong kang plesiran kanggo rékréasi ndelok pasawangan Tugu Monas lan nglakoni aktivitas ing sajroning taman.

Rancang Bangun Monumèn[sunting | sunting sumber]

Rancang bangun Tugu Monas adhedhasar konsèp pasangan universal kang abadi; Lingga lan Yoni. Tugu obèlisk kang mandhuwur iku lingga kang nglambangaké wong lanang, elemén maskulin kang asipat aktip lan positip, sarta nglambangaké wektu awan. Déné pelataran cawan landhesan obelisk iku minangka Yoni kang nglambangaké wong wadon, elemén fèminin kang pasip lan négatip sarta nglambangaké wektu wengi. Lingga Yoni mujudaké lambang kasuburan lan kasatuan kang harmonis kang njangkepi siji maring liyané wiwit jaman prasejarah Indonèsia. Saliyané iku, wujud Tugu Monas uga bisa ditegesaké minangka sapasang alu lan lesung, piranti numbuk pari kang disa ditemokaké ing saben omah para petani Indonesia. Mula saka iku, rancang wangunan Monas kebak dimènsi khas budaya bangsa Inonesia. Monumèn kapérang saka 117,7 méter obèlisk ing sadhuwuring landhesan segipapat kang dhuwuré 17 méter, pelataran cawan. Monumèn iki linapis marmer Italia.

Kolam ing Taman Merdeka Lor ambané 25 x 25 méter digawé minangka bagéyan saka sistem kanggo ngadhemaké udara uga supaya ndadékaké Taman Monas katon luwih apik. Ing cedhaké ana kolam banyu mancur lan patung Pangeran Diponegoro kang lagi numpak jaran digawé saka perunggu aboté 8 ton. Patung iku digawé déning pemahat saka Italia, Prof. Coberlato, minangka sumbangan saka Konsulat Jéndral Honores, Dr. Mario Bross ing Indonésia. Lawang mlebu Monas ana ing Taman Merdeka Lor cedhaké patung Pangeran Diponegoro. Lawang mlebu ngliwati trowongan kang ana ing 3 méter sangisoré taman. Lokèt tikèt ana ing pojokan trowongan. Nalika para wong kang plesir munggah maneh menyang mandhuwur ing sisih lor Monas, bisa nerusaké ngupengi kanggo ndelok-ndelok rèlief sajarah Indonèsia. Mlebuné bisa maring njero musèum sajarah nasional saka lawang ing pojok lor, utawa langsung munggah menyang tengah tumuju ruang kamardhikan utawa numpak lift tumuju pelataran puncak monumèn.

Rèlièf Sajarah Indonèsia[sunting | sunting sumber]

Rèlièf ing Monas kang awujud Gajahmada

Ing latar njaba kang ngubengi monumèn, saben pojoké ana rèlièf timbul kang nggambaraké sajarah Indonèsia. Rèlièf iki diwiti saka pojok lor laut kang nggambaraké pengabdian kejayaan nuswantara nalika biyén, yaiku nyritakaké sajarah Singhasari lan Majapahit. Rèlièf iki kanthi kronologis urut karo saarah ngubengé jam tumuju bagéyan tenggara, barat daya, lan barat laut. Kanthi cara kronologis nggambaraké kahanan nalika jaman penjajahan walanda, perlawanan rakyat Indonèsia lan para pahlawan nasional Indonèsia. Saliyané iku, uga nggambaraké kabentuké organisasi modèrn kang merjuwangaké kamardhikan Indonèsia ing awal abad kaping-20, Sumpah Pemuda, Penjajahan Jepang lan Perang Dunia II, proklamasi kamardhikan Indonèsia disusul karo Révolusi lan Perang kamardhikan Républik Indonèsia, nganti tekan ing jaman pembangunan Indonèsia modèrn. Rèlièf lan patung-patung iki digawé saka bahan semèn kanthi warangka saka pipa utawa logam, nanging ana patung-patung lan reca kang mulai rusak amarga udan lan cuaca tropis.

Musèum Sajarah Nasional[sunting | sunting sumber]

Ing bagéyan ngisor monumèn kang jeroné 3 méter sangisoré lemah, ana Musèum Sajarah Nasional Indonèsia. Ruang gedhé musèum sajarah perjuangan nasional ambané 80 x 80 méter, bisa momot wong kira-kira 500 wong. Ruangan gedhé linapis marmer iki nduwèni 48 diorama ing patang sisihé lan 3 diorama ing tengah, cacah totalé dadi 51 diorama. Diorama iki isiné babagan sajarah bangsa Indonèsia wiwit jaman prasejarah nganti tekan jaman orde anyar. Diorama iki diwiwiti saka pojok lor laut lumaku saarah ngubengé jam nyritakaké sajarah Indonèsia wiwit jaman prasejarah, jaman kemaharajaan kuna kayata jaman kraton Sriwijaya lan Majapait, banjur jaman penjajahan saka bangsa Éropah. Diorama iku uga nyritakaké jaman pergerakan nasional Indonèsia ing awal abad kaping-20, jaman penjajahan Jepang, perang kamardhikan lan jaman révolusi, nganti tekan jaman Orde Anyar ing jaman pamréntahan Suharto.

Ruang Kamardhikan[sunting | sunting sumber]

Ing sajroning cawan monumèn ana Ruang Kamardhikan kang awujud amphitheater. Ruangan iki bisa ditekani kanthi liwat andha kang muter saka lawang sisih lor lan sisih kidul. Ruangan iki isiné simbol kenegaraan lan kamardhikan Républik Indonèsia, yaiku naskah asli Proklamasi Kamardhikan Indonèsia kang disimpen ing sajroning kothak kaca ing sajroning gerbang kang linapis emas, lambang negara Indonèsia, péta kepulauan Negara Kesatuan Républik Indonèsia kang linapis emas, lan gendera abang putih, sarta témboké kang tinulis naskah Proklamasi Kamardhikan Républik Indonèsia. Ing sajroning ruang Kamardhikan Monumèn Nasional iki uga digunakaké kanggo ruang tenang kanggo mengheningkan cipta lan mèditasi ngenang kahékat kamardhikan lan perjuwangan bangsa Indonèsia. Lawang mékanis digawé saka perunggu kang aboté 4 ton linapis emas diwènèhi hiasan ukiran kembang Wijaya Kusuma kang nglambangaké keabadian, sarta kembang Teratai kang nglambangaké kesucian. Lawang iki ana ing témbok sisih kulon ing satengahé ruangan lan linapis marmer ireng. Lawang iki dikenal kanthi sesebutan Gerbang Kamardhikan kang kanthi cara mékanis bakal mbuka kanthi nyuwarakaké lelagon "Padamu Negeri" banjur diterusaké suwarané Soekarno kang lagi macakaké naskah prokalamasi 17 Agustus 1945. Ing sisih kidul ana patung Garuda Pancasila, lambang negara Indonèsia digawé saka perunggu kang aboté 3,5 ton lan linapis emas. Ing sisih wétan ana tulisan naskah proklamasi kang aksarané digawé saka perunggu, kuduné ing sisih iki ngatonaké gendéra abang putih. Nanging amarga kahanané kang sansaya tuwa lan rapuh, gendéra abang putih ora dipameraké. Ing sisih lor témbok marmer ireng ana gambar kepulauan Nuswantara kang linapis emas, nglambangaké manggoné Negara Kesatuan Républik Indonèsia.

Pelataran Puncak lan Geni Kamardhikan[sunting | sunting sumber]

Naskah asli Proklamasi Kamardhikan Republik Indonesia

Ana elevator (lift) ing lawang sisih kidul sing bakaln ngeterake wong-wong kang plesiran menyang pelataran puncak kang ambane 11 x 11 meter lan dhuwure 115 meter saka lemah. Lift iki cukup kanggo momot 11 wong. Pelataran puncak iki momot 50 orang, uga ana teropong kanggo ndelok sesawangan kutha Jakarta saka cedhak. Ing sakupenge elevator ana andha dadurat kang digawe saka wesi. Saka plataran puncak tugu Monas, wong-wong sing plesir bisa nyawang kutha Jakarta. Yen kahanane isih crah tanpa ana keluk, ing sisih kidul bisa katon ana Gunung Salak kang dumunung ing Kabupaten Bogor, Jawa Kulon, ing sisih lor bisa katon segara kanthi pulo-pulo kang cilik.

Ing puncak Monumen Nasional ana cawan kang dadi wadhahing obor perunggu kang abote nganti tekan 14,5 ton lan dilapisi emas 35 kilogram. Ilat geni utawa obor iki dhuwure 14 meter lan nduweni diameter 6 meter kaperang saka 77 bageyan kang didadekake siji. Ilat geni iki minangka simbol semangat perjuwangan rakyat Indonesia kang pengen merdhika. Ing pisanan geni obor perunggu iki dilapisi lembaran emas kang abote 35 kilogram, nanging kanggo mengeti perayaan 50 taun kamardhikan Indonesia ing taun 1995, lembaran emas iki dilapisi maneh lan bobote dadi 50 kilogram lembaran emas. Puncak tugu arupa "Api Nan Tak Kunjung Padam" kang tegese supaya bangsa Indonesia nduweni semangat kang ora tau mati sasuwene jaman. Pelataran cawan menehi sesaswangan kang dhuwure 17 meter ing sadhuwuring lemah. Plataran cawan bisa dituju kanthi numpak lift nalika mudhun saka pelataran puncak, utawa liwat andha tumuju ngisore cawan. Dhuwure pelataran cawan saka ngisor yaiku 17 meter, dene rentang dhuwur antara ruang museum sajarah menyang ngisor cawan yaiku 8 meter (3 meter ing ngisor lemah ditambah 5 meter andha kang tumuju ngisor cawan). Ambane pelataran kang awujud kothak yaiku 45 x 45 meter, kabeh iku mujudake angka keramat Proklamasi Kamardhikan RI (17-8-1945).

Emas kang bobote 38 kilogram ing obor Monas iku sumbangan saka Teuku Markam, wong Aceh kang tau dadi salah siji wong paling sugih ing Indonesia.

Cathetan suku[sunting | sunting sumber]