Monumèn
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Monumèn iku sawijining wangun struktur sing sengaja digawé kanggo mèngeti wong utawa prastawa wigati utawa sing dadi wigati tumrap klompok sosial minangka bagéyan kanggo pangéling-éling mangsa kapungkur. Sawetara ibu kutha pusat pamaréntahan kayadéné Washington D.C., New Delhi, lan Brasília pancèn wis dirancang dibangun kanthi akèh monumèn kanegaran. Lokasi Monumèn Washington dirancang kanggo nyadiakaké ruang publik sing asri lan tumata. Bangunan fungsional sing dadi tansaya wigati amarga umuré, ukurané, utawa makna sajarahé, bisa uga dianggep minangka monumèn.
Jinis monumèn [sunting]
- Bangunan sing dirancang mianangka Markah tanah - conto: Menara Petronas
- Tugu pèngetan utawa mémorial kanggo mèngeti wong sing wis tilar donya, kaya pahlawan utawa korban perang - conto: Gerbang India
- Kuil, Candhi, Masjid utawa bangunan kaagamaan liyané sing nduwèni fungsi ritual kaagamaan - conto: Barabudhur, Ka'bah
- Pilar utawa saka, kerep dimakuthani nganggo reca - conto: Pilar Nelson ing London
- Nisan monumèn cilik kanggo wong sing wis tilar donya
- Pesaréyan wong wigati – conto: Piramida Giza lan Taj Mahal
- Monolit diadegaké kanggo kaperluan pèngetan lan kaagamaan - conto: Stonehenge
- Obelisk biasané diadegaké kanggo mèngeti tokoh wigati utawa prasitawa wigati - conto: Monumèn Washington, Monas
- Reca tokoh wigati utawa simbol wigati - conto: Reca Liberty
- Gerbang utawa Plengkung kajayaan, biasané dibangun kanggo mèngeti suksès militèr - conto: Arc de Triomphe
- Kawasan tilas palagan perang kanggo mèngeti kabrutalan perang lan wutahing getih - conto: Oradour-sur-Glane palagan perang Gettysburg lan Sekigahara
- Monumèn alam uga ngarujuk marang kawasan sing nduwèni kaéndahan alam sing istiméwa.
Pranala jaba [sunting]
Pirsani galeri bab Monumèn ing Wikimedia Commons.
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.