Monika saking Hippo

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
'''Santa Monika'''
Saint Augustine and Saint Monica.jpg

Janda
Miyos 322, Aljazair
Tilar donya 387, Ostia, sanjawinipun kita Roma
Dipun urmati ing Gréja Katulik Roma, Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Anglikan lan Gréja Lutheran
Dinten pèngetan 27 Agustus (Gréja Katulik Roma, Gréja Anglikan, Gréja Lutheran - Sinode Missouri )
4 Mei (pra-1969 Kalèndher Umum Romawi, Gréja Ortodoks Wétan)
Gloriole.svg Portal Santo

Santa Monika (332-387) punika satunggiling pawèstri ingkang salèh sanget lan ibunipun Agustinus, salah satunggiling Bapa Gréja paling misuwur.[1][2] Monika miyos ing Tagaste, Afrika Lèr, lan palakrami kaliyan Patrisius.[1] Patrisius lan ibunipun, inggih punika marasepuhipun Monika, punika tiyang ingkang kasar lan gampil nepsu.[1] Monika kanthi sabar nyembayangaken garwa lan marasepuhipun supados ngéwahi prilakunipun lan dados tiyang-tiyang Kristen ingkang taat.[1] Puniku lumampah salebetipun jangka wekdal ingkang cekap lami sadèrèngipun donganipun Monika kasembadan.[1]

Nalika garwanipun sampun ngéwahi gesangipun, sapuniki gentosan salah satunggil putranipun, Agustinus, ingkang perlu nglampahi éwah-éwahan.[1] Agustinus leresipun sampun dados Kristen, nanging nglampahi gesang ingkang boten selaras kaliyan iman Kristen, kalebet ugi kagungan putra/putri tanpa palakrami.[3] Sasampunipun puniku, Agustinus nilar dhaérah asalipun lan lelana dhumateng Italia.[3] Monika sembayang teras kanggé Agustinus salaminipun 17 taun dumugi pungkasanipun Agustinus purun ngéwahi gesangipun.[2] Agustinus salajengipun dados satunggiling téolog lan santo ingkang paling dipuntepangi salebetipun sajarah gréja.[2]

Réferènsi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ a b c d e f (en)David Farmer. 1997. The Oxford Dictionary of Saints . New York: Oxford University Press. P. 353.
  2. ^ a b c (id)Bernadette McCarver Snyder. 2001. 115 Kisah Santo-Santa yang Mengasyikkan. Yogyakarta: Kanisius. Hal. 104.
  3. ^ a b A. Heuken. 1985. Ensiklopedi Orang Kudus. Jakarta: Yayasan Cipta Loka Caraka. Hal. 228-230.