Miyeokguk

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Miyeokguk, sup rumput laut.

Miyeokguk utawa sup miyeok (미역국) yaiku sup kas Korea kang digawe saka miyeok (rumput laut coklat;Undaria pinnatifida).[1] Sup miyeok digawe saka godhokan kaldu balung sapi lan diwenehi kecap.[1] Miyeok Korea kang diasilake saka laut duweni kuwalitas apik lan biyaane dipangan nalika garing.[1] Tradisine wong Korea menehi sup rumput laut marang ibu kang lagi nglairake amarga dipercaya miyeok ngandhut bahan kang bisa nambah kandungan asi.[1] Saliyane kuwi tradisi mangan sup miyeok uga ditindakake nalika ulang tahun.[1][2] Biyen bapak mertua kang ngenteni putune lair bakal tuku miyeok kang paling apik ing pasar.[1] Bentuk miyeok kang dawa lan amba yaiku kang paling digoleki.[1] Sawise tuku dheweke bakal gawa bali miyeok mau kanthi dipikul ing geger nganggo tali dami supaya ora remuk.[1] Tali dami dipercaya bisa nangkal gangguan arwah jahat.[1] Saliyane kuwi, yen miyeok mau tugel calon ibu bakal kesusahan nglairake anake.[1]

[sunting] Delengen uga

[sunting] Referensi

  1. a b c d e f g h i j (2002) An Illustrated Guide to Korean Culture - 233 traditional key words. Seoul: Hakgojae Publishing Co, 25. ISBN 89-8546-98-1.
  2. (en)Korean Food: Soups, lifeinkorea. Diundhuh tanggal 3 Juni 2010.
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Miyeokguk&oldid=561293"
Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès