Misu
Misu (미수;米水) yaiku ombenan tradisional kas Korea kang digawe saka glepung wiji-wijinan.[1] Misu minangka ombenan mangsa panas kang disajekake kanggo ngilangake rasa ngelak amarga hawa panas.[1] Saliyane kuwi misu uga dadi penambah energi lan nutrisi instan kanggo wong kang kelangan energi akeh utawa ora duwe nepsu mangan.[1]
Ing resep masakan Cina kuno, panganan iki diarani qiu utawa tepung kang digoreng.[1] Ing catatan resep masakan istana Dinasti Joseon, misu diarani minangka glepung gandum kang dimasak (gu).[1] Gu duweni rasa kang enak lan gampang dipangan nalika lelungan adoh.[1][2]
Misu umume digawe saka bahan beras ketan utawa bahan liyae kayata gandum utawa tanduran jali (yeolmu) utawa bahan-bahan gandum, ketan, kedelai ireng lan wiji wijen hitam dicampurake kanggo nambahi gizi.[1] Bahan-bahan mau dudeplok lan glepunge dicampuri banyu ing sawijining mangkuk banjur diudhek.[1] Kanggo nambahi rasa legi, bisa ditambahi gula.[1]