Miranda Kerr
| Miranda Kerr | |
|---|---|
Miranda Kerr |
|
| Miyos | 20 April 1983 (umur 30) Sydney, Australia |
| Pakaryan | Model |
Miranda May Kerr (lair ing Sydney, Australia, 20 April 1983; umur 30 taun) yaiku model asal Australia. [1] Miranda dikenal dening publik kawit dheweke dadi salah sawijining Victoria's Secret Angels, Miranda dhewe yaiku wong Australia kang wiwitan patisipasi ing iklan Victoria's Secret.[2] Miranda muwuti karire minangka sawijining model nalika umur 13 taun, dheweke menangake kontes modeling kang dianakake dening majalah Dolly lan minyak wangi Impulse. [3]
Bab lan Paragraf |
Karier [sunting]
Karier Miranda kawiwitan nalika tau 1997 nalika dheweke melu kontes golek model ing Australia kang dianakake dening Majalah Dolly lan uga minyak wangi Impulse. [4]
2004: Karier Miranda wis katon nalika ing sawijining kampanye iklan kanggo Jeans Ober Paris.
-
1258-ESM-05.png
Miranda Kerr for Ober Jeans
Ing pertengahan taun 2004 Miranda pindah ing New York. [1] Miranda wis akeh nindakake peragaan busana kanggo desainer desainer misuwur lan merk sandhangan kayata : Heatherette, Alex Perry, Baby Phat, Betsey Johnson, Blugirl, Evisu, Jason Wu, Joanna Mastroianni, John Richmond, Just Cavalli, Lela Rose, Nanette Lepore, Paola Frani, Project Runway, Sass & Bide, Sweetface, Trovata, Twinkle by Wenlan, lan Venexiana. [5]
Miranda entuk kontrak kanthi kosmetik Maybelline.[6] Pada tahun 2007 Miranda resmi dadi sawijining Victoria's Secret Angels lan dheweke uga entuk kontrak kanthi Victoria's Secret. [7] Miranda uga nggenteni Supermodel Megan Gale minangka ikon saka departement store Australia, David Jones. [8] Ing taun 2008 majalah Forbes ndadekake Miranda ingi posisi sepuluh ing daftar model kang bayarane gedhe ing donya, kanthi bayaran $3.5 juta. [9]
Miranda uga mbintangi video klip Number one duweke Pharell lan Kanye West, [10]lan uga entuk peran cilik ing sitkom How I Met Your Mother. [11]
Majalah-majalah kang nampilake Miranda minangka model sampul ing antarane yaiku : Elle Mexico, Harper's Bazaar Inggris, GQ Inggris, Rolling Stone Australia, GQ German. [12]
Miranda ngetokake produk kecantikan perawat kulit kang 100% dagawe saka organik kang arupa Kora, jeneng Kora adhedhasar tradisi meditasi saka Tibet.[13]
Produk produk Victoria's Secret kang diiklanake dening Miranda yaiku : Victoria's Secret swim Catalogue, [14] Victoria’s Secret Dream Angel Heavenly Enchanted fragrance, [15] Angels Wireless Bra Commercial, [16] Angels Air Push Up Bra Commercial. [17]
Nalika kuwi Miranda isih gabing ing Modeling Agency: [18]
| Modeling Agency |
|---|
| IMG Models-New York |
| IMG Models-Paris |
| IMG Models-Milan |
| Chic Management |
| Traffic Models-Barcelona |
Ing taun 2010, Miranda mragakake busana kanggo Sass&Bride, [19] David Jones, [20] lan Prada bareng Doutzen Kroes lan Alessandra Ambrosio. [21]
Kapribadhen [sunting]
Miranda Kerr yaiku penganut ajaran agama Budhadheweke kandha menawa,
| Aku sinau Budha Jepang. Intine, aku lagi nyinaoni katentreman.[22] |
Model kang dhuwure 175 cm lan duweni mripat werna biru, [23] uga sinebut minangka calon penerus Supermodel Elle Mcpherson. [24]
Miranda mangan panganan organik kanggo njaga kesehatane.[25] Dheweke seneng bayam, alpukat, janganan ijo, lan brokoli. [26] Miranda uga sregep yoga lan pilates kanggo njaga awake supaya tetep ideal. [27]
Ing taun 2007 Miranda pacaran karo Aktor Orlando Bloom. [28] [29]
Cathetan suku [sunting]
- ^ a b (en) Situs Aksmen: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 28 Mei 2010
- ^ (en)Situs Videomodels: Miranda Kerr first Aussie angel Diundhuh tanggal 21 Maret 2010
- ^ (en) Situs Biggeststares: Miranda Kerr bio Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en)Situs Onethousandmodels: Miranda Kerr Diakses tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en) Situs Fashionmodeldirectory: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ Situs Modelinia: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 28 Mei 2010
- ^ (en) Situs Nymgag: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en) Situs Fashionising: Miranda Kerr for David Jones Diundhuh tanggal 3 April 2008
- ^ Situs Vibiznews: Miranda Kerr business 1 Mei 2008
- ^ (en)Situs Whosdatedwho: Miranda Kerr trivia 16 Mei 2010
- ^ Situs Rmblitz: Miranda Kerr How I Met Your Mother Diundhuh tanggal 12 Desember 2007
- ^ (en)Situs Nymag: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en)Situs Jusjared: Miranda Kerr's skincare line Kora Diundhuh tanggal 30 September 2009
- ^ (en) Situs Jusjared: Miranda Kerr Alessandra Ambrosio bikini beauties Diundhuh tanggal 25 Maret 2010
- ^ (en) Situs Jusjared: Miranda Kerr is heavenly enchanted Diundhuh tanggal 26 Agutus 2009
- ^ (en) Situs Youtube: Angels Wireless Bra commercial Diakses pada 9 Mei 2007
- ^ (en) Situs Youtube: Angels Air Push Up Bra commercial 6 November 2007
- ^ (en)Situs Fashionmodeldirectory: Miranda Kerr Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en)Situs Justjared: Miranda Kerr chain Diakses pada 10 Februari 2010
- ^ Situs Jusjtared: Miranda Kerr is Melbourne fashion fabolous Diundhuh tanggal 18 Februari 2010
- ^ Situs JustjaredL Miranda Kerr Alessandra Ambrosio Prada perfection Diakses pada 27 Februari 2010
- ^ Situs Rmblitz: Miranda Kerr penganut ajaran agama Budha Diundhuh tanggal 22 Februari 2008
- ^ (en) Situs Chicmanagement: Miranda Kerr model Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ (en) Situs Dailymail: Silver siren Miranda Kerr leads Victoria's Secret Angels sexy swimwear shoot Diundhuh tanggal 11 April 2010
- ^ Situs Wolipop: Rahasia tubuh langsing Miranda Kerr 29 Maret 2010
- ^ Situs Banjarmasinpost: Bayam andalan Miranda Kerr Diundhuh tanggal 2 April 2010
- ^ Situs Koranbaru: Intip rahasia lekuk tubuh model Victoria's Secret Diundhuh tanggal 31 Maret 2010
- ^ Situs Kapanlagi: Orlando Bloom dan Miranda Kerr di Spanyol Diundhuh tanggal 16 Mei 2010
- ^ Situs Showbiz Vivanews: Pacar belum mau menikah Orlando Bloom santai Diundhuh tanggal 4 Mei 2009
Pranala Luar [sunting]
- Miranda Kerr ing Internet Movie Database
- Kora Skin Care by Miranda Kerr Official Site