Mira Lesmana
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
| Mira Lesmana | |
|---|---|
| Lair | Mira Lesmanawati 8 Agustus 1964 (umur 48) |
| Pagawéyan | produser |
| Taun aktif | 1978 - saiki |
| Garwa | Mathias Muchus |
| Wong tuwa | Jack Lesmana lan Nien Lesmana |
Mira Lesmanawati (lair ing Jakarta, 8 Agustus 1964; umur 48 taun) iku salah sawijining produser film asal Indonesia sing dianggep suksès ing dasawarsa 2000-an. Mira iku putriné tokoh jazz Indonesia, Jack Lesmana lan penyanyi sènior Indonesia ing taun 1960-an Nien Lesmana. Mira iku mbakyuné musisi Indra Lesmana. Mira nikah karoMathias Muchus.
Lulusan Institut Kesenian Jakarta iki miwiti karir ing perusahaan pariwara. Ing taun 1996 dhèwèké ngedegaké Miles Productions, sing banjur gawé film-film sing kondhang ing jamané, yaiku Ada Apa Dengan Cinta, Petualangan Sherina lan Laskar Pelangi.
Filmografi [sunting]
- Ceh Kucak Gayo (1995) (co-producer)
- Kuldesak (1998) (sutradara)
- Petualangan Sherina (2000) (produser)
- Ada Apa Dengan Cinta? (2002) (produser)
- Eliana, Eliana (2002) (co-producer)
- Rumah Ketujuh (2003) (produser)
- The Year of Living Vicariously (2005) (produser eksekutif)
- Gie (2005) (produser)
- Garasi (2006) (produser)
- Laskar Pelangi (2008) (produser)
- Takut: Faces of Fear (2008) - Segmen Titisan Naya (produser)
- Sang Pemimpi (2009) (produser)