Mikroflora normal manungsa

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, golèk
Lactobacillus bulgaricus salah siji flora normal manungsa kang ana ing usus gedhe

Mikroflora normal manungsa yaiku istilah kang digunakake kanggo nggambarake pirang-pirang mikroorganisme kaya bakteri lan fungi kang minangka penghuni tetap saka bageyan-bageyan badan tertemtu kususe kulit, usus gedhe, lan vagina.[1] Virus lan parasit, senajan kalebu rong golongan gedhe mikroorganisme, ora kalebu flora normal manungsa.[1]

[sunting] Flora normal ing kulit

Mikroorganisme kang dominan yaiku Staphylococcus epidermidis kang asipat nonpatogen ing kulit nanging bisa nimbulake penyakit nalika ngancik panggonan-panggonan tertemtu kaya katup jantung gaweyan lan sendi prostetik (sendi gaweyan).[1] Bakteri iki luwih kerep ditemokake ing kulit dibandingake karo kerabate kang asipat patogen yaiku Staphylococcus aureus.[1] Sacara sekabehane sekitar 103-104 mikroorganisme/cm2 kang akeh-akehe ana ing stratum (lapisan) korneum.[1]

Staphylococcus epidermidis dideleng nganggo mikroskop elektron
Struktur kulit

Bakteri gram-negatif kayata Escherichia coli kang habitate ana ing usus manungsa, uga bisa ana ing kulit manungsa amarga anane kontaminasi rusuhane manungsa.[2]

[sunting] Delengen uga

Mikroorganisme

[sunting] Cathetan suku

  1. a b c d e Levinson W. 2008. Review of Medical Microbiology and Immunology, Tenth edition. New York: McGrawHill
  2. (en)Madigan MT, Martinko JM, Brock TD. 2006. Brock Biology of Microorganisms. 11th Ed. New Jersey: Pearson Prentice Hall. Hal: 703. ISBN 0-13-196893-9

Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.

Piranti pribadi
Ruang jeneng

Varian
Tindakan
Pandhu Arah
kothak piranti
Basa sanès