Michelle Obama
| Jabatan: | {{{jr/sr and state}}} |
|---|---|
| Partai pulitik: | Demokrat |
| Mangsa jabatan: | {{{term}}} |
| Didhisiki déning: | {{{preceded}}} |
| Diterusaké déning: | {{{succeeded}}} |
| Lair: | {{{date of birth}}} {{{place of birth}}} |
| Pasangan: | Barack Obama (1992-samenika) |
Michelle Obama (lair ing Chicago, Illinois, Amerika Serikat, 17 Januari 1964; umur 49 taun) inggih menika garwanipun Barack Obama, Presiden Amerika Serikat ingkang njabat wiwit taun 2009. Kulawarganipun asalipun saking etnis Afrika-Amerika.[1][2] Michelle miwiti karieripun minangka pegawe ing fira hukum Sidley Austin lan dipuntugasi ing babagan pemasaran lan properti intelektual.[1] Sasampunipun menika Michelle kaserat dados asistenipun walikota Chicago, Richard M Daley.[1] Michelle ugi dados wakil presiden kagem hubungan luar eksternal lan komusitas griya sakit Universitas Chicago lan lulus saking fakultas hukum sasampunipun angsal gelar sarjana Sosiologi saking Universitas Princeton.[1] Michelle tetepangan kaliyan Barack Obama taun 1989 ingkang ing wekdal menika dados mentoripun.[1] Michelle menika senioripun Barrack Obama ing firma hukum Sidley lan Austin.[1] Michelle lan Barrack Obawa palakrami ing taun 1992 lan kagungan putri ingkang naminipun Malia Ann Obama ingkang lair taun 1998 lan Natasha Obama lair taun 2001.[1]
Sanak kadangipun [sunting]
Sanak kadangipun manggen ing Carolina Selatan. Fraser Robinson,Jr menika simbahipun ingkang lair watawis taun 1912 ing Georgetown, Carolina Selatan lan tilar donya taun 1996.[2] Fraser Robinson III, lair taun 1935 inggih menika satunggalipun petugas pompa ing perusahaan toya kota Chicago ingkang tilar donya taun 1990.[2] Ibunipun asmanipun Marian Robinson utawi Marian Shields lair ing sasi Juli 1937 lan nyambut damel minangka sekertaris ing Katalog Spiegel. Sadherekipun ingkang jaler dados pelatih rebu basket ing Universitas Negara Bagian Oregon.[2]
Cathetan Suku [sunting]
Pranala Njawi [sunting]
| Wikiquote anggadhahi kolèksi kutipan ingkang magepokan kaliyan: |
- Ibu Negara Michelle Obama, Whitehouse.gov
- "Meet Michelle", biografinipun ing BarackObama.com