Michael Moorer
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Michael Lee Moorer (lair 12 November 1967) iku mantan petinju sing tau dadi juwara donya ing kelas berat ringan lan kelas berat tinju. Panjenengané miwiti dhebuté nalika tanggal 4 Maret 1988 kanthi ngalahaké Adrian Riggs ing rondhe pisanan lan ing taun sing padha kasil antuk gelar juwara donya kelas berat ringan WBO. Nalika taun 1991 panjenengané kasil antuk gelar juwara kelas berat WBO sing wektu iku isih kosong kanthi ngalahaké Bert Cooper ing rondhe kaping lima. Panjenengané uga ditepungi minangka petinju kedhé pisanan sing dadi juwara donya kelas berat.