Metro-Goldwyn-Mayer
| Jenis | Privat |
|---|---|
| Industri | Film |
| Didirikan | 16 April 1924 |
| Kantor pusat | Los Angeles, California, AS (Metro-Goldwyn-Mayer Studios, Inc.) |
| Tokoh penting | Harry Sloan (Chairman dan CEO) |
| Produk | Film |
| Pemilik | Providence Equity Partners (29%) TPG Capital, L.P. (21%) Sony Corporation of America (20%) Comcast (20%) DLJ Merchant Banking Partners (7%) Quadrangle Group (3%) [1] |
| Karyawan | 1,440 (nganti 2004) [2] |
| Situs web | http://www.mgm.com/, |
Metro-Goldwyn-Mayer Inc., utawa MGM yaiku parusahan multinasional kang ngasilaké werna-werna prodhuk film.[1] Kantoré ana ing Los Angeles, California, Amerika Serikat.[1] Diadegaké ing tanggal 16 April 1924.[1] Perusahaan iki duwé 1.440 karyawan nganti taun 2004.[1]
Sajarah [sunting]
Marcus Loew tuku perusahaan Metro Pictures Corporation diadegaké taun 1916 lan Goldwyn Pictures diadegaké taun 1917 kanggo ngasilaké film kanggo rantai teater kang gedhé, Loew's Theatres.[1] Nanging, tukonan kuwi nyiptakké kabutuhan wong kanggo ngawasi operasi gedhé-gedhénan ing Hollywood, wiwit suwé asisten Nicholas Schenck dibutuhké ing kutha New York kanggo ngawasi bioskop.[1] Loew mbahas situasi kanggo tuku studio Mayer Pictures ing tanggal 16 April 1924.[2]
Biasané, dipresentasiké: "Louis B. Mayer presents a Metro-Goldwyn picture".[2] Nanging Mayer nambahké jenenge ing jeneng studio kuwi, dadi ndadékaké studio kuwi lanmaskotnya, yaiku Leo the Lion, lan motto "Ars Gratia Artis" dadi merk MGM.[2]
Wiwit pisanan, MGM ngarah ning penonton kabutuhan kanggo kemewahan lan kecanggihan.[2] Sawisé mariské jeneng-jeneng gedhé saka perusahaan sadurungé, Mayer lan Thalberg mulai nggawé lan nyeponsoraké bintang anyar, yaiku Greta Garbo, John Gilbert, William Haines, Norma Shearer, lan Joan Crawford.[2] Wong liya kang dikerjakaké yaiku Lon Chaney, William Powell, Buster Keaton, lan Wallace Beery.[2]