Metanol
| Metanol | |
|---|---|
|
metanol
|
|
|
Jeneng liya
hidroksimetan
metil alkohol metil hidrat alkohol kayu karbinol |
|
| Identifikasi | |
| Nomor CAS | [67-56-1] |
| Nomer RTECS | PC1400000 |
| SMILES | CO |
| Sifat | |
| Rumus molekul | CH3OH |
| Massa molar | 32.04 g/mol |
| Panampilan | colorless liquid |
| Densitas | 0.7918 g/cm³, liquid |
| Titik leleh |
–97 °C, -142.9 °F (176 K) |
| Titik umob |
64.7 °C, 148.4 °F (337.8 K) |
| Kelarutan dalam air | Fully miscible |
| Kaasaman (pKa) | ~ 15.5 |
| Viskositas | 0.59 mPa·s at 20 °C |
| Momen dipol | 1.69 D (gas) |
| Bahaya | |
| Klasifikasi EU | Flammable (F) Toxic (T) |
| NFPA 704 | |
| Frasa-R | R11, R23/24/25, Cithakan:R39/23/24/25 |
| Frasa-S | (S1/2), S7, S16, S36/37, S45 |
| Titik murub | 11 °C |
| Senyawa kagandhèng | |
| alkanols kagandhèng | etanol propanol butanol |
| Senyawa kagandhèng | klorometan metosimetan |
| Kejaba ditélakaké suwaliké, data ing ndhuwur kanggo ing suhu lan tekanan standar (25°C, 100 kPa) |
|
Metanol, uga ditepungi minangka metil alkohol, wood alcohol utawa spiritus, iku senyawa kimia mawa rumus kimia CH3OH. Metanol arupa wangun alkohol paling prasaja. Ing "kahanan atmosfer" metanol awangun cuwèran sing ènthèng, gampang nguwap, ora duwé werna, gampang kobong, lan asifat racun kanthi ambu sing khas (ambuné luwih ènthèng tinimbang etanol). Metanol digunakaké minangka bahan pangadhem anti beku, pelarut, bahan bakar lan minangka bahan aditif kanggo etanol indhustri.
Metanol diprodhuksi sacara alami déning metabolisme anaerobik déning bakteri. Asil prosès mau yaiku uwap metanol (jroning gunggung cilik) ing udhara. Sawisé sapérangan dina, uwap metanol mau bakal kaoksidasi déning oksigen kanthi diréwangi sinar srengéngé dadi karbon dioksida lan banyu.
Reaksi kimia metanol sing kobong ing udhara lan mbentuk karbon dioksida lan banyu yaiku:
- 2 CH3OH + 3 O2 → 2 CO2 + 4 H2O
Geni saka metanol biasané ora ana wernané. Mula, awaké dhéwé kudu ngati-ati yèn ana cerak metanol sing kobong kanggo nyegah tatu amerga déné geni sing ora katon.
Amarga sifaté sing mawa racun, metanol asring digunakaké minangka bahan aditif kanggo gawé alkohol kanggo panggunaan indhustri; Panambahan "racun" iki bakal ngéndhani indhustri saka pajeg sing bisa ditrapaké amarga etanol arupa bahan utama kanggo minuman keras (ombènan ngandhut alkohol). Metanol sok-sok uga diarani minangka wood alcohol amarga biyèn arupa prodhuk samping saka distilasi kayu. Saiki metanol diasilaké liwat prosès multi tahap. Sacara singkat, gas alam lan uwap banyu diobong jroning tungku kanggo mbentuk gas hidrogen lan karbon monoksida; banjur, gas hidrogen lan karbon monoksida iki direaksiaké jroning tekanan dhuwur kanthi réwangan katalis kanggo ngasilaké metanol. Tahap pambentukané iku endotermik lan tahap sintesisé iku eksotermik.