Menara Petronas
Menara Petronas inggih menika pencakar langit cacah ingkang wonten ing Kuala Lumpur, Malaysia ingkang naté dados gedhung paling inggil sadonya.[1]
Menara menika dipunrancang déning Adamson Associates Architects, Kanada kaliyan Cesar Pelli saking Cesar Pelli of Cesar Pelli & Associates Architects Amérika Serikat ingkang purna dipunwangun ing taun 1998.[2] Gedhung menika nggadhahi 88 lanté kanthi desain interior ingkang ngrefleksikaken budaya Islam ingkang kiyat dipungebeng negari Malaysia.[1] Nalika tanggal 17 Oktober 2003.[1] Taipei 101 mendhet rekor gedhung kembar menika.[1] Ananging Menara Petronas tetep nyepeng rekor gedhung kembar paling inggil sadonya.[1]
Desain lan Wangunan [sunting]
Cesar Pelli ugi sampun ngrancang gedhung Miglin-Beitler Skyneedle (utawi saged dipunsebat Miglin-Beitler Tower) ingkang inggilipun 609,58 m ing Chicago, Amérika Serikat ingkang purna dipunwangun ing taun 1988 ingkang kadosipun mémpèr kaliyan Menara Petronas.[3]
Menara Petronas nggadhahi inggil 452 méter utawi 1483 kaki.[1] Wujud lanténipun arupi kalih pesagi ingkang mbentuk bintang ingkang pucukipun wonten wolu.[1] Desain Cesar Pelli menika ngginakaken motif ingkang limrah dipunginakaken ing seni Islam kados budaya Islam ingkang sampun dados ciri khasipun Malaysia.[1]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ a b c d e f g h (en)Petronas Twin Towers Kuala Lumpur, Malaysia dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ^ (en)Adamson Associates Architects dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)
- ^ (en)Miglin-Beitler Skyneedle dipunundhuh tanggal 25 Agustus 2011)