Menara Juche
| Menara Juche | |
|---|---|
| Jeneng Koréa | |
| Chosŏn'gŭl | 주체사상탑 |
| Hancha | 主體思想塔 |
| McCune–Reischauer | Chuch'e Sasangt'ap |
| Alih aksara | Juche Sasangtap |
Menara Juche ingkang dipunresmekaken ing tanggal 15 April 1982, sareng kaliyan HUT kaping 70 pimpinan Korea Lor inggih punika Kim Il-sung. Menara punika nginggilipun 150 meter lan ing pungkasanipun wonten obor ingkang dipundamel saking bahan langka. Menara dipundamel saking 70 kulit granit, ingkang ateges lambang gesangipun Kim Il-sung wekdal punika. Menara punika nggadahi ateges ide kamandirian Juche kanthi wentuk arsitektur tugu jinis pagoda sèla ingkang dipunbiyangun ing pramodern Korea. Wonten grup patung ing ngajengipun menara inggih punika tigang tokoh inggih punika tiyang ingkang nyambut damel, petani, lan intelektual ingkang bekta palu, clurit, lan bekta kuas. Sedya punika ateges sipat struktur kelas Partai. Menara boten tebih saking kali Taedong mlampah ngelajengipun kitha Pyongyang.[1]
Bab lan Paragraf |
Tradisi ing Kumsusan Memorial Palace [sunting]
Ing mangsa semi, Mangyongdae lan Kumsusan Memorial Palace dados papan pinujon rakyat Korea amargi papan punika minangka papan kalairan Presiden Kim Il Sung, sapanunggalipun punika wonten pasareanipun. Panggenanipun Mangyongdae mboten tebih saking Pyongyang. Lokasipun ing bukit. Saking kainggilanipun punika, saged dipuntingali paningalan ing pundhi kemawon pramila papan punika dipunsebat Mangyong utawi Sedasa Ewu Paningalan.[2]
Galeri [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- Foto satelit di Google Maps
- (en) Arsitektur Bersejarah Asia: Juche Tower
- (en) The Juche Idea, Shine All Over The World!
Koordinat: 39°1′3.52″N 125°45′48.05″E / 39.0176444°N 125.7633472°E
Cathetan suku [sunting]
- ^ (en)www.orientalarchitecture.com(dipuntingali tanggal 20 September 2011)
- ^ (id)hoteldantiketmurah.com(dipuntingali tanggal 20 September 2011)