Mémbran sèl
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
(Dipunpindhah saking Membran sel)
Mémbran sèl iku lapisan sing nglindhungi inti sèl lan sitoplasma. Mémbran sèl mbungkus organel-organel jroning sèl. Mémbran sèl uga minangka alat transportasi tumrap sèl yaiku panggonan mlebu lan metuné zat-zat sing dibutuhaké lan ora dibutuhaké déning sèl. Struktur mémbran ana rong lapis lipid (lipid bilayer) lan nduwèni permeabilitas tinamtu saéngga ora kabèh molekul bisa ngliwati mémbran sèl.