Mehmet Ali Ağca
| Mehmet Ali Ağca | |
|---|---|
| Lair | 9 Januari 1958 (umur 54) Turki |
| Dikawruhi amarga | Badhe merjaya pati Paus |
Mehmet Ali Ağca (miyos ing İsmailli, Provinsi Malatya, 9 Januari 1958) inggih menika tiyang militan saking Turki ingkang némbak Paus Yohanes Paulus II ing Lapangan Santo Petrus nalika tanggal 13 Mei 1981 ing satunggalipun usaha badhé merjaya pati Sang Paus menika. Mehmet sampun némbak wetengipun Paus.[1]
Mehmet dipunukum ing pakunjaran Italia sadangunipun saumur urip.[1] Ananging nembé kalih dasa taun dipunukum, déning pengadilan Italia Mehmet dipunbebasaken amargi sampun diparingi grasi déning prèsidhén Italia Carlo Azeglio Ciampi.[1] Mehmet lajeng dipunèkstradhisi dhateng Turki ing taun 2000.[1] Sasampunipun dugi ing Turki, Mehmet dipunukum malih déning pengadilan Turki amargi Mehmet sampun merjaya pati wartawan Turki, Abdi Ipekci[2] ing taun 1979.[1] Pangacara Mehmet, Mustafa demirbag ngendikan bilih Mehmet badhé dipunbebasaken kanthi syarat amargi sampun nggadhahi syarat saged dipunbébasaken.[1] Kantor Berita Turki, Anatolia maringi pawartos, bilih Mehmet badhé bebas amargi ndhérék tugas Militér.[1]
Ing satunggalipun wekdal, Sri Paus manggihi langsung Mehmet ing pakunjaran Roma.[1] Wonten ing acara kasebat, Sri Paus lenggah adhep-adhepan langsung kaliyan Mehmet ingkang sampun nembak piyambakipun.[1] Sri Paus sampun maringi pangapura dhateng Mehmet.[1]
[sunting] Cathetan Suku
Artikel punika taksih tulisan rintisan (stub). Sinten kémawon ingkang kersa mbenakaken, sumangga kémawon.