Megan Fox
| Megan Fox | |
|---|---|
Fox at the 2010 Toronto International Film Festival in September 2010. |
|
| Lair | 16 Mei 1986 (umur 26) Oak Ridge, Tennessee, US |
| Pakaryan | Actress, model |
| Garwa | Brian Austin Green (m. 2010–present) |
Megan Denise Fox (lair ing Oak Ridge, Tennessee, Amerika Serikat, 16 Mei 1986; umur 26 taun) yakuwi aktris lan model kang kebangsaané Amerika Serikat kondhang amarga dadi bintang film ning Holiday In the Sun (2001), Ning umur 5 taun, dheweké wus olih pelatihan ning babagan drama lan tari ning lembaga sosial ning kutha kalairané.[1] Ning umur 10 taun, dheweké pindah ning florida amarga dheweké remen ning bidang akting, akting disinauni nganti lulus SMU.[1] Ning umuré kang 13 taun, Megan cilik uwis anduweni bakat ning bidang seni.[1] Dheweké tau menang kompetisi ning bidang modeling lan tari, iki kang mbuktikaké.[1]
Ananging ning taun 2001, Megan nembe nyoba akting ning dunya film.[1] Filmé kang pisanan judulé HOLIDAY IN THE SUN, film iki mbuka kariré ning dunya seni peran.[1] Peran pembantu kang tau dilakoni dening dheweké anggawe dheweké olih kahormatan kanggo dadi pemeran utama ning film TRANSFORMES kang dirilis ning taun 2007.[1]
Megan kang nembe-nembe iki dinobataké paca pambaca priya dadi wanita paling seksi.[1] Darah Indian kang ngalir ning awaké anggawe dheweké seneng maring tattoo.[1] Ana 9 tattoo kamasuk foto Marilyn Monroe anna ning awaké.[1]
Ning kauripané, Megan wus tunangan karo pepujaning atiné, Brian Austin Green.[1] Megan lan Austin dadian awit taun 2004.[1] Dheweké sempet nguumumaké kanggo nikah ning taun November 2006.[1] Ananging, hubungané ora mulus. Megan pedot lamarané karo Brian ning akir wulan Februari ning taun 2009.[1]
Akiré sacara resmi Megan negasaké menawa dheweké wus putus karo Brian.[1] Dheweké uga mbantah niaté kanggo nikahi mantan kekasihé mau.[1] Wektu-wektu iki dheweké esih seneng urip dhewekan.[1]
Megan, mbantah berita-berita babagan gosip megan nganggo operasi botox.[2] Kanggo mbantah berita mau Megan masang fhoto elek ning facebook pribadiné.[2] Foto-foto mau, mbuktikaké menawa dheweké ora nganggo botox.[2]