McLaren F1
| McLaren F1 logo. |
|
| Prodhusèn | McLaren Automotive |
|---|---|
| Parusahan indhuk | McLaren Group |
| Mangsa sajroning produksi | 1992–2002[1] (106 produced) |
| Perakitan | Woking, Surrey, England |
| Modhèl sawisé | McLaren MP4-12C |
| Klas | Sports car |
| Wangun rangka | 2-door 3-seat coupé |
| Layout | RMR layout |
| Mesin | 60° 6.1 L BMW S70/2 V12 |
| Transmisi | 6-speed manual |
| Let sumbu rodha | 2.718 mm (107 in)</noinclude> |
| Dawa | 4.287 mm (168,8 in)</noinclude> |
| Amba | 1.820 mm (71,7 in)</noinclude> |
| Dhuwur | 1.140 mm (44,9 in)</noinclude> |
| Bobot kothong | 1.140 kg (2.513 lb)</noinclude> |
| Mobil sajinis | McLaren F1 LM McLaren F1 GTR |
| Desainer | Gordon Murray & Peter Stevens |
McLaren F1 yaiku montor super sing digawé lan diprodhuksi saka McLaren Automotive. Mulane konsep diandhut karo Gordon Murray, dheweké percaya Ron Dennis ning mburi proyeke iki lan klebu uga Peter Stevens kanggo desain eksterior mobil. Ing tanggal 31 Maret 1998, dheweke ngatur cathetan banteré mobil ning dalan gedhe paling banter ning dunya, tpping yaiku (372 km/jam) nganggo rev limiter lan 240 mph (386,24 km/jam) karo rev limiter dibusak. Mobil iki nduweni fitur desain eksklusif lan teknologi luwih apik ketimbang mobil liyane sing ngrancang yaiku Gordon Murray. Mobil iki dirancang dudu ning panggonan trek balap, ananging eneng balapan mobil desain bisa menangke balapan, kalebu uga mubengi trek Le Mans ing taun 1995. Mobil iki diprodhuksi ing tau 1992 nganti 1998. Total cacahé prodhuksi yaiku 106 mobil. Ing taun 1994, majalah Autocar mobil Inggris ndandharake McLaren F1 dadi mesin sing apik dibangung ning dalan umum. Ing jaman kuwi iki dadi sejarah mobil paling banter.
[sunting] Desain
Konsep desain digawe karo chief emngineer Gordon Murray yaiku salah sawijining uwong sing nggawe rancangan mobil, sing nduweni bobot entheng, lan dayane dhuwur. Iki kelakon amarga nggunakake bahan-bahan sing nduweni teknologi dhuwur lan larang kaya serat karbon, titanium, emas, magnesium, lan kevlar. F1 mobil diprodhuksi pisanan nggunakake sasis monocue serat karbon. Gordon Murray wis mikirke iki wis kat jaman enom, nalika numpak pesawat balik saka Grand PrixItalia ing taun 1988 ananging iki namung sketsane.
[sunting] Cathetan suku
- ↑ 1992 McLaren F1 - Milestones in Speed - Automobile Magazine. Automobilemag.com. URL diaksès tanggal 2011-08-01